Tuesday, August 4, 2009

Dadi dhayohne Cak Emha

Saben sasi neng sawijining pesantren ing Bantul, cedhak Yogyakarta, Emha Ainun Nadjib lan grup bande, Kyai Kanjeng nganake pementasan gratis. Neng program perbandingan agamaku ana akeh wong sing seneng Cak Emha amarga dhewe'e duwe wawasan amba bab Islam lan ide politik sing menarik uga. Saliyane imam, dhewe'e uga musisi sing apik, sing isa nembang, gawe geguritan, lan sapanuggalane, klebu ngripta karangan drama.

Kangngo acara sasen neng Bantul, Cak Emha ngrembug isu politik sak iki, nembang karo Kyai Kanjeng, lan ngundhangake wong liyane. Kaping kapisan tak melu, aku weruh grup musik saka Madura. Kaping kapindho ana kurang luwih sepuluh korban lendhut panas Lapindo neng Sidoarjo lan sawetara wong Samin, ya iku wong Jawa sing nolak sedaya babagan modhern.

Emha wawancara korban Lapindo bab deritane. Dhewe'e ngrembug masalahne kanthi nesu amarga korbane ora ditindak adil dene pemerintah. Sakwise kuwi dhewe'e ajak dayoh saka mancanegara nyang dhuwur. Tegese, aku lan sakwijining doesn saka Amerika! Aku lan Bu Nelly, munggah panggange, njur diwawancarai. Emha takon bab Amerika lan piye gaweaan kita neng Indonesia. Dhewe'e takon aku bab tindakan sing lumrah neng Amerika nanging ora lumrah neng Indonesia. Dhewe'e kandha, "Neng AMerika ora apa-apa yen kita ndemek sirahne wong, nanging yen neng Jawa dianggep kasar yen mangkono." Aku nyauri "Sing bisane didemek siranhe kuwi waung Pak!" Pas ngucap aku wedi aku ora sopan, nanging jebule kabeh wong sing melu padha kenpingkel-pingkel. Sakwise wawancara aku lan Bu Nelly, wong Samin nyritake cara uripe nganggo basa Jawa. Kombinasi sing menarik ta, wong landa sing ngambeg karo wong Jawa sing nolak kabeh babagan mancanegara (lan saka negara Indonesia uga!).

dina kiamat Amerika

Dina iki aku maca artikel koran bab dina kiamat Amerika. Para ahli tembe mburi nulis bab apa sing isa dumadi seket taun ngarep. Aku ora ngerti sakdurune yen ana wong sing nyambut gawe minangka 'ahli tembe mburi' nanging jebule wong iki dibayar dene perusahaan gede kanggo nulung gawe rencana lan strategi. Biasne ahli iki mung gawe ramalan kanggo sepuluh taun, nanging sok-sok gawen ramalan sing luwe suwe uga. Karepe kanggo nulung para politikus mikir masalah sing arep teka, umpamame lelara anyar sing bebebaya banget kaya flu manuk utawa "pemanasan donya."

Miturut artikele ana patang cara sing isa dumadi. Sing kapisan, akeh musibah gedhe dumadi sakjroning sak utawa rong dasawarsa. Musibah iki luwih kaya banjir Katrina katimbang seranga sanga-sewelas. Yen Amerika diserang wong saka mancanegara utawa teroris, wangsulane biasane gawe Amerika luwih nasionalis lan luwih kuat. Nanging yen ana musibah kaya Katrina sing disebake korupsi utawa pemerintah sing ora becis, wong Amerika ora ngandel maneh karo pemerintah lan akhire yek'e ora gelem dadi wong amerika maneh. Yek'e negara sing luwih cilik dibentukake (misale negara Texas utawa negara California).

Kapindho, Pemerintah nasional dadi kegedhean lan ora efisien maneh. Dadi wong amerika sepakat gawe negara sing luwih cilik. Iki dibandingke karo Serikat Soviet. Bedane, Serikat Soviet kuwi klebet akeh negara cilik sing duwe budaya lan basa dhwewe. Ning Amerika kabeh warga nganggo basa Inggris (kejaba imigran anyar) lan wong kerep pindah saka tlatah nyang tlatah liyane. Dadi ora patia mlebu akal yen Amerika bubrah tanpa alasan cetha.

Katiga, pemerintah donya dadi luwih penting lan negara amerika ora penting maneh. Umpamame Serikat Bangsa-Bangsa dadi kuwawa mrentah warga saka kabeh negara. Aku ora patia ngandel teori iki amrga PBB ora patia kuwat lan wong Amerika umume ora seneng pengaruh saka mancanegara. Yak'e yen ana musibah donya lan serangan sing gedhe banget teori iki isa dumadi.

Kapapat, Amerika diserang dene pemimpin sing kuwat banget kaya Mao utawa Hitler nanging adoh luwih kuwat. Iki isa dibayangake.. negara Eropa meh bubrah amarga Hitler dhisik, nanging Amerika kuwat banget lan duwe lindungan alam amarga ana samudra gedhe neng batasane, dadi iki uga ora patio mlebu akal.

Yake kanggo sak iki Amerika isih slamet, nanging sing mesthi sakwijining dina amerika arep tiba. Yek'e kuwi musibah, nanging yek'e mung owahan alam.

Sunday, August 2, 2009

bengi budaya

Saben taun SEASSI nganakake bengi budaya. Saben basa kudu gawe tontonan. Kelas basa Jawa gawe wayang bab kleting kuning. Aku wedi sakwise ngrungoake pambuka saka Bob Bickner amarga dhewe'w kandha tontonane mung isa limang menit. Presentasi basa jawa meh 15 menit! Awake dhewe cepet nyekake critane supaya ora kesuwen. Bu Nona kandha wis ana kupu-kupu jroning wetenge lan aku uga ngrasa mangkono. Sakdurunge bengi budaya wiwit, Mbak Hillary kandha yen kita kilangan sak-transparensi kanggo proyektore. Aku melayu bali omah nanging ora ana, dadi aku rada kesel lan kucewa ing wiwite banegi budaya uga. Urutane kelompok ora tinentu sakdurunge, dadi kita ora ngerti jam pira arep wiwit. Jebule kita kelompok dakdurunge sing kapisan. Tegese kita kudu ngenteni suwe lan krasa gugup suwe sakdurunge isa main. Tujukna, wayange rada apik lan tak kira wong sing nonton seneng.

Lebaran neng Congkrang

Semester kapisan aku mulang neng Indonesia aku diajak preinan neng desane muridku. Desane neng Jawa tengah ing desa jenenge Congkrang sing ora adoh saka Temanngung. Kita mangkat jam 5 esuk saka Jogja Ngyogya lan nganti neng Congkrang mengko awon. Bise wis penuh banget, apa maneh kanggo aku amarga sikilku rada dawa. Neng bis muridku kandha desane durung ana listrik dadi yen wis bengi arep genih banget. Muridku wis adoh luwih tuwa saka aku amarga dhewe'e melu program S2. Dhewe'e wis dadi bhiku agama buda nanging isih seneng gojegan amarga jebule wis ana listrik neng desane. Dhewe'e ngapusi wae! Nanging aku durung ngerti yen arep ana masalah sing luwih abot, ora kanggo mripatku, kanggo wetengku.

Neng desa kuwi, kabeh wong mampir neng omah tanggane kanggo Idul Fitri kanggo nuwun pungapunten karo wong sing luwih tuwa lan sesrawungan karo kabeh kancane. Ora mung wong Islam melu tradhisi kuwi, dadi muridku melu uga. Neng saben omah mesthi dimenehi jajan. Iki sing dadi masalahne, amarga aku lan muridku mampir nyang meh rong puluh omah. Lan amarga aku wong landa, aku dimenehi malah luwih akeh panganan. Kancaku wis ngerti cara nolak panganane, nanging aku ora ngerti. Yen aku nyoba kandha, "aku ora isa mangan maneh" wonge ora nampa lan isih mrentah aku mangan. Aku dimanehi sarapan limang kaping, ngombe sirup luwih saka sepuluh kaping, lan mangan roti, kacang, kue sing ora isa dipetung. Akhire aku meh ora isa ngulu maneh lan meh mukok. Muridku mung ngguyu weruh aku. Malah bhikku isa nakal!