Tuesday, August 4, 2009

dina kiamat Amerika

Dina iki aku maca artikel koran bab dina kiamat Amerika. Para ahli tembe mburi nulis bab apa sing isa dumadi seket taun ngarep. Aku ora ngerti sakdurune yen ana wong sing nyambut gawe minangka 'ahli tembe mburi' nanging jebule wong iki dibayar dene perusahaan gede kanggo nulung gawe rencana lan strategi. Biasne ahli iki mung gawe ramalan kanggo sepuluh taun, nanging sok-sok gawen ramalan sing luwe suwe uga. Karepe kanggo nulung para politikus mikir masalah sing arep teka, umpamame lelara anyar sing bebebaya banget kaya flu manuk utawa "pemanasan donya."

Miturut artikele ana patang cara sing isa dumadi. Sing kapisan, akeh musibah gedhe dumadi sakjroning sak utawa rong dasawarsa. Musibah iki luwih kaya banjir Katrina katimbang seranga sanga-sewelas. Yen Amerika diserang wong saka mancanegara utawa teroris, wangsulane biasane gawe Amerika luwih nasionalis lan luwih kuat. Nanging yen ana musibah kaya Katrina sing disebake korupsi utawa pemerintah sing ora becis, wong Amerika ora ngandel maneh karo pemerintah lan akhire yek'e ora gelem dadi wong amerika maneh. Yek'e negara sing luwih cilik dibentukake (misale negara Texas utawa negara California).

Kapindho, Pemerintah nasional dadi kegedhean lan ora efisien maneh. Dadi wong amerika sepakat gawe negara sing luwih cilik. Iki dibandingke karo Serikat Soviet. Bedane, Serikat Soviet kuwi klebet akeh negara cilik sing duwe budaya lan basa dhwewe. Ning Amerika kabeh warga nganggo basa Inggris (kejaba imigran anyar) lan wong kerep pindah saka tlatah nyang tlatah liyane. Dadi ora patia mlebu akal yen Amerika bubrah tanpa alasan cetha.

Katiga, pemerintah donya dadi luwih penting lan negara amerika ora penting maneh. Umpamame Serikat Bangsa-Bangsa dadi kuwawa mrentah warga saka kabeh negara. Aku ora patia ngandel teori iki amrga PBB ora patia kuwat lan wong Amerika umume ora seneng pengaruh saka mancanegara. Yak'e yen ana musibah donya lan serangan sing gedhe banget teori iki isa dumadi.

Kapapat, Amerika diserang dene pemimpin sing kuwat banget kaya Mao utawa Hitler nanging adoh luwih kuwat. Iki isa dibayangake.. negara Eropa meh bubrah amarga Hitler dhisik, nanging Amerika kuwat banget lan duwe lindungan alam amarga ana samudra gedhe neng batasane, dadi iki uga ora patio mlebu akal.

Yake kanggo sak iki Amerika isih slamet, nanging sing mesthi sakwijining dina amerika arep tiba. Yek'e kuwi musibah, nanging yek'e mung owahan alam.

No comments:

Post a Comment