Semester kapisan aku mulang neng Indonesia aku diajak preinan neng desane muridku. Desane neng Jawa tengah ing desa jenenge Congkrang sing ora adoh saka Temanngung. Kita mangkat jam 5 esuk saka Jogja Ngyogya lan nganti neng Congkrang mengko awon. Bise wis penuh banget, apa maneh kanggo aku amarga sikilku rada dawa. Neng bis muridku kandha desane durung ana listrik dadi yen wis bengi arep genih banget. Muridku wis adoh luwih tuwa saka aku amarga dhewe'e melu program S2. Dhewe'e wis dadi bhiku agama buda nanging isih seneng gojegan amarga jebule wis ana listrik neng desane. Dhewe'e ngapusi wae! Nanging aku durung ngerti yen arep ana masalah sing luwih abot, ora kanggo mripatku, kanggo wetengku.
Neng desa kuwi, kabeh wong mampir neng omah tanggane kanggo Idul Fitri kanggo nuwun pungapunten karo wong sing luwih tuwa lan sesrawungan karo kabeh kancane. Ora mung wong Islam melu tradhisi kuwi, dadi muridku melu uga. Neng saben omah mesthi dimenehi jajan. Iki sing dadi masalahne, amarga aku lan muridku mampir nyang meh rong puluh omah. Lan amarga aku wong landa, aku dimenehi malah luwih akeh panganan. Kancaku wis ngerti cara nolak panganane, nanging aku ora ngerti. Yen aku nyoba kandha, "aku ora isa mangan maneh" wonge ora nampa lan isih mrentah aku mangan. Aku dimanehi sarapan limang kaping, ngombe sirup luwih saka sepuluh kaping, lan mangan roti, kacang, kue sing ora isa dipetung. Akhire aku meh ora isa ngulu maneh lan meh mukok. Muridku mung ngguyu weruh aku. Malah bhikku isa nakal!
Sunday, August 2, 2009
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment