Saben sasi neng sawijining pesantren ing Bantul, cedhak Yogyakarta, Emha Ainun Nadjib lan grup bande, Kyai Kanjeng nganake pementasan gratis. Neng program perbandingan agamaku ana akeh wong sing seneng Cak Emha amarga dhewe'e duwe wawasan amba bab Islam lan ide politik sing menarik uga. Saliyane imam, dhewe'e uga musisi sing apik, sing isa nembang, gawe geguritan, lan sapanuggalane, klebu ngripta karangan drama.
Kangngo acara sasen neng Bantul, Cak Emha ngrembug isu politik sak iki, nembang karo Kyai Kanjeng, lan ngundhangake wong liyane. Kaping kapisan tak melu, aku weruh grup musik saka Madura. Kaping kapindho ana kurang luwih sepuluh korban lendhut panas Lapindo neng Sidoarjo lan sawetara wong Samin, ya iku wong Jawa sing nolak sedaya babagan modhern.
Emha wawancara korban Lapindo bab deritane. Dhewe'e ngrembug masalahne kanthi nesu amarga korbane ora ditindak adil dene pemerintah. Sakwise kuwi dhewe'e ajak dayoh saka mancanegara nyang dhuwur. Tegese, aku lan sakwijining doesn saka Amerika! Aku lan Bu Nelly, munggah panggange, njur diwawancarai. Emha takon bab Amerika lan piye gaweaan kita neng Indonesia. Dhewe'e takon aku bab tindakan sing lumrah neng Amerika nanging ora lumrah neng Indonesia. Dhewe'e kandha, "Neng AMerika ora apa-apa yen kita ndemek sirahne wong, nanging yen neng Jawa dianggep kasar yen mangkono." Aku nyauri "Sing bisane didemek siranhe kuwi waung Pak!" Pas ngucap aku wedi aku ora sopan, nanging jebule kabeh wong sing melu padha kenpingkel-pingkel. Sakwise wawancara aku lan Bu Nelly, wong Samin nyritake cara uripe nganggo basa Jawa. Kombinasi sing menarik ta, wong landa sing ngambeg karo wong Jawa sing nolak kabeh babagan mancanegara (lan saka negara Indonesia uga!).
Tuesday, August 4, 2009
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment