Friday, July 31, 2009

Wulan

Wingi aku nonton film anyar judhule "Wulan" (Moon).  Film kuwi ditontonake ning bioskop Sundance neng pusat blanja Midvale.  Papane satenane ing Wulan ing tembe mburi (taune ora tentu).  Tokohne mung sawong astronaut jenenge Sam sing nyambut gawe ning tambang Helium.  Sakliyane dhewe'e ana komputer jenenge Gerty sing nulung dhewe'e, umpamae kanggo masak, potong rambut,  nambani, malah kaperluan rasa.  Komputer kayane tanggap lan setiya karo Sam.  Masalahne, wis suwe Sam ora isa nelepon keluwargane utawa dhuwerane neng Amerika amarga sarana komunikasi wis bubrah.  Sakwise telug taun neng tambang kuwi Sam kangen banget karo bojo lan anake.  Tujukna, mung rong minggu maneh dhewe'e isa bali amarga kontrake meh rampung.   Ing wiwite film, ana masalah.  Sam wis wiwit weruh lelembut!  Apa Sam wis dadi kenther?  Sakwijining dina dhewe'e kudu nyang jaba stasiune nganggo montor amarga ana mesin tambang sing rusak.  Pas mlebu mesine, dhewe'e weruh wong wedok ning jaba.. mokal amarga ora ana oksygen! Dhewe'e njur nabrak karo mesine.  Sakwise kuwi dhewe'e tangi ning satsiun maneh.  Piye dhewe'e bali?  Kenapa dhewe'e ora kelingan tabrakane lan ora duwe bekas luka?  Lan kenapa dhewe'e krasa Gerty duwe rahasia?  

Film iki dudu film sing lumrah, nanging jebule menarik banget lan duwe akeh isu sing menarik bab teknologi, kapribadian manungsa, lan realitas.  Senadyan mung ana sithik tokoh, filme isih dramatis lan ana gojegan uga.  Mangga nonton!

Tuesday, July 21, 2009

genjer-genjer

Dina iki aku krungu lagu sing wis tak senengi neng kantore guru basa indonesia lan Jawa. Lagune Genjer-Genjer lan penyanyine Bing Slamet. Lagu iki kondhang sak iki amarga diarani "lagu PKI" nanging critane luwih rumit. Tembungan lagu iki diripta dene Muhammad Arief, wong Banyuwangi sing nyeksike deritane wong banyuwangi wektu kalenggahane Jepang. Wong cilik ora duwe pangenan dadi kudu mangan sing aneh, kaya jangan genjer. Mengko Muh. Arief dadi wong PKI. Lagune dadi kondhang banget taun sweidakan sakwise direkam penyanyi kondhang kaya Bing Slamet lan Lilis Suryani. Sakwise G30S, lagu iki dipleset penulis ning koran anti-komunis Harian KAMI. Genjer-genjer didadeake Jenderal-Jenderal kanggo nggambarake piye wong PKI milara para jenderal. Dadi lagune diarani lagu PKI lan amarga sasuwene Orde Baru babagan PKI diarani jahat lan asor, lagu iki diarani lagu sing bebaya. Nanging sak iki Indonesia luwih bukak lan wong-wong padha seneng karo lagu iki maneh. Lagune pancen apik lan nggambarake critane wong melarat ning indonesia karo edane politik neng Indonesia.

Saturday, July 11, 2009

Wayang mBeling ala Amrik


Perang Kembang Ing Wana Alaska

Sunata Utama

Kemis Wage 9 Juli 2009

Tokoh-tokohipun:

Obama: Satriya alus lan ratu adilipun negara Amrik. Lair minangka rayi blasteran saking tiyang alit. Ibunipun tiyang Kansas nanging ramanipun tiyang Afrika.

Semar: Punakawan sakti ingkang biasanipun dados penasihat keluargi Pandawa. Piyambakipun dados rewangipun Obama saksampunipun Obama manggen wonten Jawi nalika alit.

Petruk: Larenipun Semar. Piyambakipun setiya nanging lakonipun asring kasar.

Dubiya: Nami aslinipun Buta Cakil. Rumiyen ngapusi tiyang Amrik lajeng dados presiden Amrik ngagem undang-undangan “W”. Sak punika pados kuasa malih wonten Negara Alaska.

Dick-gog: Biasanipun dados penasihat Korawa ngagem asmanipun Togog, nanging kagem sak punika dados “Dick,” rewang kaliyan wapresipun Dubiya.

(Obama kaliyan rewang setyanipun Semar mlampah-mlampah wonten wana nggayuh toya angen-angen ingkang suci.)

Adegan

    Obama: awake dhewe durung isa ngaso Semar, amarga kudu cepet-cepet golek banyu angen-angen suci kuwi..

    Semar: Inggih ndara kula, toya punika menawi saget mbiyantu negara Amerika ingkang geger-gegeran amargi kirang angen-angen.

    Obama: Piye ketoke banyu suci kuwi, Semar. Kowe mesthi wis tau weruh banyu kuwi.

    Semar: Leres ndara kula. Rumiyen, sakderengipun njenengan lair, kula nate ngombe toya punika. Wekdal punika, toyanipun dados es amargi hawanipun punika asrep sanget. Sakderenge kula saget ngombe, kula kedah, nuwun sewu, ngentuti es ngantos dados banyu malih.

    Petruk: Tak kira kowe ngentuti soto ayamku wingi Semar! Wetengku lara sak iki. Kepengin ngentut!

    Semar: Ojo nggrundel Truk, anggep wae entutku kuwi bumbu istimewa!

    Obama: Semar, elinga Semar, miturut Dewi Michelle aku namung isa mangan panganan sing organic, sithik kalorine, lan resik!

    Semar: Nuwun sewu ndara, kula mung ngentutui sopipun Petruk mawon supados piyambakipun mboten kuru sanget. Raganipun njenengan sampun kiyat, dados mboten mbetahaken entut kula.

    Petruk: Sing kuru sapa? Ndara Obama luwih kuru ketimbang aku!

    Semar: Nanging yen kowe wis weruh foto Ndara Obama ning gisik Hawaii (http://www.huffingtonpost.com/2008/08/14/obama-bodysurfs-in-hawaii_n_119070.html) , kowe mesthi wis ngerti yen Obama iki isih nggantheng. Beda banget karo kowe sing kaya gangsir lara!

    Obama: Lhadahlah! Iki alas ngendi, Semar… kok sunya banget ta?

    Semar: Punika naminipun wana Alaska, ndara. Laladen punika geger amargi rajanipun nembe lengser keprabon. Kawit lengseripun tlatah punika dados geger-gegeran. Kewan-kewan sami ajrih amargi gustinipun mandhap saking ibukota, mbetha pistol kaliyan nesa-nesu.

    Petruk: Atos-atos, ndara, piyambakipun mboten remen tiyang Amrik! Tiyang wonten negara punika banger!

    Semar: Hus, cukup Truk, kowe mingkem wae ya! Nanging Petruk bener ndara, njenengan kedah waspada amargi wana niku ndrawasi sanget.

    Obama: Iya Semar, aku ngerti, nanging aja wedi ya, aku nduwe gaman pusaka sing ampuh.

    Petruk: Lha, kok mak bedunduk ana akeh manuk ngoceh! Yek’e penggemare ndara Obama wis ngerti yen Obama lagi tindak maring alas iki. Mesthine yo golek wahyu!

    Obama: Apike awake dhewe ngenteni wae, ya.

    Dubiya (Cakil): Kirakooa! Sapa wong iki sing wani mlebu alasku! Sapa! Sapa! Sapa!

    Dick-gog: Mesthi terroris! Teroris saking mancanegara utawi teroris saka negara punika, ingkang cetha… teroris ndara!

    Dubiya: Yek’e kowe bener Gog.

    Dick-gog: Kita kedah kiyat bilih kita ajeng ngastani gegebengan niku ndara. Sultananipun sampun lengser keprabon, dados kita saget dados raja malih!

    Dubiya: Tegese aku, ya, aku sing arep dadi raja maneh!

    Dick-gog: Pancen mekaten ndara ingkang inggil kula! (Emane aku kudu dadi ratu lumantar goblog iki!)

    Dubiya: Aja wedi Gog, yen aku wis dadi raja Alaska, kowe isa dadi patih BBMku. BBMe akeh banget.

    Dick-gog: Matur nuwun ndara kula, nanging kula namung purun padosi para teroris!

    Dubiya: Piye anggonmu ngerti yen wong iku teroris utawa ora?

    Dick-gog: Wah, pitakenan ingkang sae sanget, ndara! Teroris punika wonten kathah gagrag! Wonten ingkang andhap kaliyan ingkang inggil. Ingkang kera kaliyan lema. Ingkang enem kaliyan ingkang sepuh.

    Dubiya: Pokoke, wong sing ora nggantheng kaya aku.

    Dick-gog: Inggih ndara, nanging tiyang nggantheng saget dados teroris ugi. Tandanipun, tiyang saking mancanegara, utamanipun tiyang saking tlatah ingkang sugih BBM! BBM punika mboten aman menawi dipungadha tiyang sanes!

    Dubiya: Tegese, wong sing ora nerima demokrasi kaya aku!

    Dick-gog: Inggih ndara!

    Dubiya: Kirakooa! Swara sapa kuwi! Coba tak takoni! Satriyaaa! Sapa jenengmu? saka ngendi asalmu? Arep menyang ngendi?

    Petruk: Apa ana wedhus sing lara wetenge?

    Dubiya: Wedhus?! Astafirlah! Wedhus?! Aku Dubiya! Raja Amrik, sultan Alaska, pakubuwana saka Texas! Akeh sing wani karo aku lan akeh sing wis tak gebang! Sapa rajamu si kuru kuwi!

    Petruk: Kayane wedhus iki wis mabuk kakean mangan suket! Aku Petruk, rewange Raden Obama. sapa jenengmu wedhus?

    Dubiya: Aku uwis ngancurake akeh negara! Kanggo mateni kowe mung perlu sedhelok wae. Sapa satriya sigit kuwi? Dhewe’e bocah utawa gendhing?

    Petruk: Wah, uwis picek tenan iki, ora genah!

    Semar: Wong picek iki gendeng amarga wis kelangan kekuasa'ane.

    Obama: Tepangaken, nami kula Obama, pangeran saking negara Amrik.

    Dubiya: Iku alasku Obama! Lunga, aja nggaglak “arrúgala” ku! (Arrugala kuwi bayeme wong sugih.)

    Dick-gog: Wah, tembungipun alus sanget. Mokal yen piyambakipun tiyang Amrik! Mesthi tiyang saking mancanegara!

    Dubiya: Hanyak hanyak! Wong mancanegara? Tegese…

    Dick-gog: Teroris!

    Petruk: Wah, mokal! Ndoro Obama punika ratu adilipun Amrik. Piye, kok, teroris dadi ratu?

    Dubiya: Yen Petruk isa dadi ratu, teroris mesthi isa uga!

    Dick-gog: Tandhane cetha! Piyambakipun lantip, kera, saget kathah basa… kirane mboten wonten tiyang Amrik ingkang lantip, kera, kaliyan saget basa mancanegara!

    Dubiya: Satriya! Kowe saka negara ngendi? Arab? Afrika? Teroristan?

    Petruk: Afrika kuwi dudu negara! Ampun serik dara, wong niku namung goblog mawon.

    Semar: Ngatos-atos ndoro, tiyang goblog niku mbebayani!

    Dubiya: Babo babo! Sapa sing goblog? Kowe, paklik lutung!

    Petruk: Wah, kayane kowe ora lulus kelas loro Dub! Kowe anak lutung! Ayo diapalke.

    Dubiya: Wah, ojo dolan karo aku! Aku Dubiya! Ratu Amrik, sultan Alaska, pakubuwana saka Texas!

    Petruk: Siji loro telu

    astane sedeku

    Mirengake bu guru

    Menawa didangu!

    Dubiya: Apa swara kuwi! Aja sembrono karo aku Truk! Aku panguasa sing paling gedhe ing alas iki, ing negara iki, lan ing donya iki!

    Petruk: Ora ngerti lagu bocah-bocah sekolah, ategeas durung disekolahke Dub!

    Dubiya: Gog, aku arep nggebang sak iki!

    Dick-gog: Sabar bos ndara, langkung sae panjenengan ngagem gaman ingkang langkung manjur, inggih punika, “pecut toya.”

    Dubiya: Pecut toya? Tegese milara sedayane? Boes!

    Dick-gog: Dudu milara! Pecut toya punika alat kagem “mbiyantu dados prasajan” kemawon.

    Dubiya: Horeg-horeg!! Ayo awake dhewe milara teroris punika!!

    Dick-gog: Inggih, kita enggal “mbiyantu dados prasajan”!

    Dubiya: Ngrasake banyu panasku!

    Petruk: Wah, yen kepengin nguyuh aja ning kene Dub!

    Semar: Atos-atos ndara, toyanipun ndrawasi! Kula ngagem entut kula kangge ngalahaken “pecut toya” punika!

    Dick-gog: Banger sanget!

    Dubiya: Astafirlah! Aku arep nggebang wae! Modar satriya teroris!

    Obama: Aja ngadhang lakuku buta!

    (perang)

    Dubiya: Sedaya wong mesthi kalah karo aku! Nyerah satriya sigit! Raimu sing ayu arep tak rusakake!

    Obama: Wis cukup Dubiya! Aku seneng damai, nanging aku ora tega karo dursila.

    (Perang: Dubiya nyawataken Kerisipun)

    Obama: Aku kepeksa nganggo gamanku!

    (Obama wiwit pidhato ngagem swantenipun ingkang sekti).

    Petruk: Wah swarane! Gaman sing kuat banget!

    (Peksi-peksi wana padha ndomblong, uler-uler wit padha nangis, malah Dick-gog ngguyu)

    Dubiya: Astafirlah!

    (Krisipun Dubiya dhawah kaliyan njerit “Obama!” Dubiya kaliyan Dick-gog ambruk, semaput)

    Petruk: Ndara, enggal mateni buta jahat punika!

    Obama: Ora susah Truk, tak kira ambune saka entute Semar isa mateni dhewe’e.

    Semar: Atos-atos ndara. Buta Dubiya sampun dipunkalahaken, nanging taksih wonten buta sanesipun ingkang malah langkung bebaya kaliyan tancip. Piyambakipun langkung galak tinimbang segawon umbaran. Asmanipun, Rara Paliniwati!

    Obama: Ora opo-opo Semar, sing penting awake dhewe golek banyu angen-angen kanggo nulungi warga Amrik sing perlu angen-angen anyar.

Petruk: Ya wis! Sing penting aku ngadohi angin-angin Semar lan golek banyu angen-angen supaya isa adus!

Thursday, July 9, 2009

wawancara karo Mbah Surip

Wawancara iki dilakonake neng kantor polisi. Mbah Surip digawa nyang kantor iki amarga ora aman kanggo dhewe'e yen ing jeba amarga warga dhusun padha kumpul kanggo grebek dhewe'e.

Aku: Kados pundi kabaripun Mbah?
Surip: Ora apik mas, aku judheg banget sak iki.
Aku: Kenging Menapa? Margi njenengan damel dosa.
Surip: Dosa? Tegese apa mas. Aku mung nulungi bocah pegi kuwi marga dhewe'e lagi stress!
Aku: Inggih mbah, naging njenegan sampun dados dhukun santet inggih, sampun dol-tinuku jimat apus-apusan kanggo pados pasugihan inggih?
Surip: Kowe krungu kuwi ning kene? Aku mung nulung wong sing cilaka. Nulung wae nganggo berkah Gusti. Kaya bocah legi kuwi.
Aku: Kenging menapa kepanggih Mbak Siti wonten pondok Mbah? Langkung sae kepanggih wonten dalemipun mbah kemawon?
Surip: Mangonon mas, bocah legi kuwi ana perkara sing ruwet, dadi aku ora isa nulung ing papan umum. Pasienku kudu tentrem supaya aku isa nasehati supaya isa eling berkah gusti maneh.
Aku: Kados pundi caranipun mbah?
Surip: Wah, aku ora isa nerangake sedayane mas, nanging aku ndonga karo saben pasienku.
Aku: Nanging menawi Mas Trisna, piyambakipun paringi kathah artha mbah! Kagem menapa arthanipun? Criyosipun artha punika tumbal?
Surip: Tumbal? Aku ora ngerti tumbal. yen ana duit kuwi mung pangowah kanggo fasilitas utawa sumbangan wae. Ora penting. Akeh menehi racake duite nyang wong kere.
Aku: Dados anting emas ingkang dipunkagem Mbak Siti saking pundi?
Surip: Anting emas? Wah kuwi kado cilik wae kanggo pasienku.
Aku: Arthanipun saking pundi mbah?
Surip: Ya, aku ora sugih nanging uripku cukupan.
Aku: Saeipun Mbah elinga ajal inggih. Tiyang ingkang kasupen pati akhiripun mboten tentrem. Pareng mbah, kula pamit rumiyen.

Friday, July 3, 2009

Poligami neng Indonesia

Dina kemis aa ceramah sing menarik dene Suzanne Brenner, antropolog sing sinau Indonesia. Aku uwis maca artikele bab kenapa jilbab dadi kondhang ning Jawa wiwit kira-kira rong puluh taun kepungkur. Sak iki, penelitiane bab poligami ning Indonesian jeru media cetak lan film. Dhewe'e nggarap penelitian bab telung tulisan, ya iku Jurnal Perempuan, Tabloid Poligami, lan Ayat-Ayat Cinta. Jurnal Perempuan ana maca mripat modernisme lan feminsme. Para penulise ora seneng poligami saka segi HAM. Tabloid poligami digawe dene Puspawardoyo, pemilike Wong Solo sing uwis duwe patang bojo. Tabloid iku nggaruh nyang wong wedon lan nggambarake poligami apik kanggo agama lan mung ditolak wanita sing ora murah ate. Ayat-ayat cinta ora mung bab poligami nanging ana adegan poligami sing wigati. Novel kuwi ora kedanan poligami kaya Puspawardoyo nanging nggambarake poligami dadi pilihan sing arwat dan mung cocog kanggo kehanan sing ora tumrap.

dolanan tembung anyar

Sawijining dina aku mlaku-mlaku ning alas sing ora adoh saka kotha Madison. Aku nywang nyang langit marga ana cahya sing ganjil. Mak bedundug aku dijiwil dene driji sing cilik nanging dawa. Kukune kuningan lan dawa. Aku mengo lan weruh wong sing ganjil. Awake cilik banget, luwih kaya lutung ketimbang manungsa. Nanging mripate amba lan werna coklate bening, kaya teh pait. Dhewe'e mung mung ngucap sak tembung wae, ya iku "golek." Sedhelok aku ndomblong.. swarane langsung mbentoyong atiku. Aku kepaku ning papane krungu tembung kuwi. Golek apa? Piye isa golek apa wae yen lagi ora isa mlaku babar blas? Apa wong iki wicaksana utawa goblog? Mak bedundung aku mbikak mripatku. Jebule srengenge uwis meh ilang lan mega-mega gede uwis ngampak-ngampak. Aku golek HPku, nanging jebule ilang. Jebule celana ku ilang uga... Aku mung nganggo celana cergak karo bajuku, lan bengine wis dadi rada adem. Kunci montorku wis ilang uga, dadi aku kudu mlaku wae. Sakwise metu alas aku weruh wong liyane sing bali omahne ning dalan. Weruh dhewe'e nyengsemake atiku. Pas bali omah, aku ketemu polisi sing takon kenapa aku meh wuda Aku ngapusi lan nyrita celanaku reged marga mlebu rawa.

Sapa wong cilik kuwi? Yek'e dhewe'e tekan karo daru saka swarga. Yen bener, aku kudu ngarani dhewe'e pepundenku. Yek'e tembung "golek" kuwi ana teges sing wigati, teges bab panguripan sing luwih apik amarga ora cawe-cawe wong liyane wae nanging golek kasunyatan dhewean.

Nanging yek'e dhewe'e mung dukun santet utawa garong biasa sing nguras bandhaku. Aku wedi alasan kepindho bener amarga aku ora ngerti kenopo wong wicaksana gelem nyolong celanaku!

Thursday, July 2, 2009

Dina sing suwe (1 Juli)

Dina iki suwe banget kanggo aku. Aku kerinan tangi turu dadi aku ora isa ados sakdurunge kelas. Tujukna aku ora reged banget dadi muga-muga wong liyane ora ngerti. Yek'e amarga ora isa turu angler bengi wingi aku rada kesel. Sakwise kelas aku nyang perpus kanggo mangan awan (mie italia nganggo saus tomat) lan nggarap PR. Amarga wis kesel, aku butuh wektu suwe kanggo nggarap PRku. Sakwise nggarap PR kuwi, aku meh keturon ning reference room, dadi aku golek kursi sing luwih tentrem kanggo turu limalas menit. Aku ora isa turu suwe amarga jam papat ana meja basa. Aku ngomong karo Mas Steve, gurune kelas gamelan. Dhewe'e wis ngerti akeh bab gamelan lan wayang lan aku seneng ngomong karo dhewe'e, nanging dhewe'e ora kulina caturan nganggo basa Jawa. Sakwise kuwi, ana latihan nembag. Latihane apik naging aku wis kesel banget. Emane sakwise nembang ana latihan gamelan suwene rong jam! Aku mumet banget sakwise latihan kuwi, nanging isih kudu bali omah lan masak. Aku masak mie goreng wae, nanging cukup enak amarga ana urang lan cumi. Bar mangan aku ngrampungke PRku lan langusng turu!

wanita lan pria: sapa sing luwih alus?

Aku mentas maca artikel bab jenis kelamin lan basa Jawa sing ditulis Nancy Smith-Hefner. Miturut dhewe'e, ning akeh negara, basa para wanita luwih alus ketimbang basa pria. Dadi dhewe'e nglakokake penelitian bab basa wanita lan pria ning Jawa.

Yen dhewe'e takon wong Jawa bab basa wanita, dhewe'e kerep mbaleni yen basa wanita kerep kalusan (luwih alus ketimbang sing kudune) yen ana tamu. Miturut Bu Nancy, sawijining alasane ibu mulang anake nganggo krama. Kanggo mulang krama, para ibu kerep nganggo basa krama dadi contoh kanggo anake. Nanging yen wong Jawa nganggo krama, tegese wong sing disowani luwih dhuwer. Dadi, yen wanita kerep nganggo krama ning omah, kayane wanita nyengkuyung bojone lan ngisorake awake dhewe.

Melu ibu, anak nganggo krama karo bapak nanging luwih kerep nganggo ngoko karo ibu. Utamane kanggo bocah lanang, hubungan karo Bapak saya susah merga kudu alus karo Bapak. Taruna lanang kerep ora seneng cedhak karo bapake lan kerep metu omah. Suwe-suwe, taruna lanang kuwi ngerti bilih yen bisa krama karo wong sing penting, arep enthuk hasil apik merga diarani luwih alus lan penting. Dadi yen wis gede, para pria wis sinau rada bisu wiwit cilik. Dadi yen ana tamu, wong lanang kerep ora ngomong akeh nanging bojone ngomong terus. Basa wanita kuwi kerep kalusan merga pengin dadi contoh kanggo anake.

Senadyan basa kalusan kuwi ngisorake wanita, nganggone basa krama sing dhuwer uga mbuktike yen wong wedok kuwi wis ngerti tata krama. Dadi tingkat wedok isih ora ngisor banget. Miturut Smith-Hefer, kasunyatan kuwi nyerminake bilih basa krama ana rong guna: kapisan kanggo nyengkuyung lawan ngomong, nanging kapindho kanggo nyengkuyung wong sing lagi ngomong.