Saturday, July 11, 2009

Wayang mBeling ala Amrik


Perang Kembang Ing Wana Alaska

Sunata Utama

Kemis Wage 9 Juli 2009

Tokoh-tokohipun:

Obama: Satriya alus lan ratu adilipun negara Amrik. Lair minangka rayi blasteran saking tiyang alit. Ibunipun tiyang Kansas nanging ramanipun tiyang Afrika.

Semar: Punakawan sakti ingkang biasanipun dados penasihat keluargi Pandawa. Piyambakipun dados rewangipun Obama saksampunipun Obama manggen wonten Jawi nalika alit.

Petruk: Larenipun Semar. Piyambakipun setiya nanging lakonipun asring kasar.

Dubiya: Nami aslinipun Buta Cakil. Rumiyen ngapusi tiyang Amrik lajeng dados presiden Amrik ngagem undang-undangan “W”. Sak punika pados kuasa malih wonten Negara Alaska.

Dick-gog: Biasanipun dados penasihat Korawa ngagem asmanipun Togog, nanging kagem sak punika dados “Dick,” rewang kaliyan wapresipun Dubiya.

(Obama kaliyan rewang setyanipun Semar mlampah-mlampah wonten wana nggayuh toya angen-angen ingkang suci.)

Adegan

    Obama: awake dhewe durung isa ngaso Semar, amarga kudu cepet-cepet golek banyu angen-angen suci kuwi..

    Semar: Inggih ndara kula, toya punika menawi saget mbiyantu negara Amerika ingkang geger-gegeran amargi kirang angen-angen.

    Obama: Piye ketoke banyu suci kuwi, Semar. Kowe mesthi wis tau weruh banyu kuwi.

    Semar: Leres ndara kula. Rumiyen, sakderengipun njenengan lair, kula nate ngombe toya punika. Wekdal punika, toyanipun dados es amargi hawanipun punika asrep sanget. Sakderenge kula saget ngombe, kula kedah, nuwun sewu, ngentuti es ngantos dados banyu malih.

    Petruk: Tak kira kowe ngentuti soto ayamku wingi Semar! Wetengku lara sak iki. Kepengin ngentut!

    Semar: Ojo nggrundel Truk, anggep wae entutku kuwi bumbu istimewa!

    Obama: Semar, elinga Semar, miturut Dewi Michelle aku namung isa mangan panganan sing organic, sithik kalorine, lan resik!

    Semar: Nuwun sewu ndara, kula mung ngentutui sopipun Petruk mawon supados piyambakipun mboten kuru sanget. Raganipun njenengan sampun kiyat, dados mboten mbetahaken entut kula.

    Petruk: Sing kuru sapa? Ndara Obama luwih kuru ketimbang aku!

    Semar: Nanging yen kowe wis weruh foto Ndara Obama ning gisik Hawaii (http://www.huffingtonpost.com/2008/08/14/obama-bodysurfs-in-hawaii_n_119070.html) , kowe mesthi wis ngerti yen Obama iki isih nggantheng. Beda banget karo kowe sing kaya gangsir lara!

    Obama: Lhadahlah! Iki alas ngendi, Semar… kok sunya banget ta?

    Semar: Punika naminipun wana Alaska, ndara. Laladen punika geger amargi rajanipun nembe lengser keprabon. Kawit lengseripun tlatah punika dados geger-gegeran. Kewan-kewan sami ajrih amargi gustinipun mandhap saking ibukota, mbetha pistol kaliyan nesa-nesu.

    Petruk: Atos-atos, ndara, piyambakipun mboten remen tiyang Amrik! Tiyang wonten negara punika banger!

    Semar: Hus, cukup Truk, kowe mingkem wae ya! Nanging Petruk bener ndara, njenengan kedah waspada amargi wana niku ndrawasi sanget.

    Obama: Iya Semar, aku ngerti, nanging aja wedi ya, aku nduwe gaman pusaka sing ampuh.

    Petruk: Lha, kok mak bedunduk ana akeh manuk ngoceh! Yek’e penggemare ndara Obama wis ngerti yen Obama lagi tindak maring alas iki. Mesthine yo golek wahyu!

    Obama: Apike awake dhewe ngenteni wae, ya.

    Dubiya (Cakil): Kirakooa! Sapa wong iki sing wani mlebu alasku! Sapa! Sapa! Sapa!

    Dick-gog: Mesthi terroris! Teroris saking mancanegara utawi teroris saka negara punika, ingkang cetha… teroris ndara!

    Dubiya: Yek’e kowe bener Gog.

    Dick-gog: Kita kedah kiyat bilih kita ajeng ngastani gegebengan niku ndara. Sultananipun sampun lengser keprabon, dados kita saget dados raja malih!

    Dubiya: Tegese aku, ya, aku sing arep dadi raja maneh!

    Dick-gog: Pancen mekaten ndara ingkang inggil kula! (Emane aku kudu dadi ratu lumantar goblog iki!)

    Dubiya: Aja wedi Gog, yen aku wis dadi raja Alaska, kowe isa dadi patih BBMku. BBMe akeh banget.

    Dick-gog: Matur nuwun ndara kula, nanging kula namung purun padosi para teroris!

    Dubiya: Piye anggonmu ngerti yen wong iku teroris utawa ora?

    Dick-gog: Wah, pitakenan ingkang sae sanget, ndara! Teroris punika wonten kathah gagrag! Wonten ingkang andhap kaliyan ingkang inggil. Ingkang kera kaliyan lema. Ingkang enem kaliyan ingkang sepuh.

    Dubiya: Pokoke, wong sing ora nggantheng kaya aku.

    Dick-gog: Inggih ndara, nanging tiyang nggantheng saget dados teroris ugi. Tandanipun, tiyang saking mancanegara, utamanipun tiyang saking tlatah ingkang sugih BBM! BBM punika mboten aman menawi dipungadha tiyang sanes!

    Dubiya: Tegese, wong sing ora nerima demokrasi kaya aku!

    Dick-gog: Inggih ndara!

    Dubiya: Kirakooa! Swara sapa kuwi! Coba tak takoni! Satriyaaa! Sapa jenengmu? saka ngendi asalmu? Arep menyang ngendi?

    Petruk: Apa ana wedhus sing lara wetenge?

    Dubiya: Wedhus?! Astafirlah! Wedhus?! Aku Dubiya! Raja Amrik, sultan Alaska, pakubuwana saka Texas! Akeh sing wani karo aku lan akeh sing wis tak gebang! Sapa rajamu si kuru kuwi!

    Petruk: Kayane wedhus iki wis mabuk kakean mangan suket! Aku Petruk, rewange Raden Obama. sapa jenengmu wedhus?

    Dubiya: Aku uwis ngancurake akeh negara! Kanggo mateni kowe mung perlu sedhelok wae. Sapa satriya sigit kuwi? Dhewe’e bocah utawa gendhing?

    Petruk: Wah, uwis picek tenan iki, ora genah!

    Semar: Wong picek iki gendeng amarga wis kelangan kekuasa'ane.

    Obama: Tepangaken, nami kula Obama, pangeran saking negara Amrik.

    Dubiya: Iku alasku Obama! Lunga, aja nggaglak “arrúgala” ku! (Arrugala kuwi bayeme wong sugih.)

    Dick-gog: Wah, tembungipun alus sanget. Mokal yen piyambakipun tiyang Amrik! Mesthi tiyang saking mancanegara!

    Dubiya: Hanyak hanyak! Wong mancanegara? Tegese…

    Dick-gog: Teroris!

    Petruk: Wah, mokal! Ndoro Obama punika ratu adilipun Amrik. Piye, kok, teroris dadi ratu?

    Dubiya: Yen Petruk isa dadi ratu, teroris mesthi isa uga!

    Dick-gog: Tandhane cetha! Piyambakipun lantip, kera, saget kathah basa… kirane mboten wonten tiyang Amrik ingkang lantip, kera, kaliyan saget basa mancanegara!

    Dubiya: Satriya! Kowe saka negara ngendi? Arab? Afrika? Teroristan?

    Petruk: Afrika kuwi dudu negara! Ampun serik dara, wong niku namung goblog mawon.

    Semar: Ngatos-atos ndoro, tiyang goblog niku mbebayani!

    Dubiya: Babo babo! Sapa sing goblog? Kowe, paklik lutung!

    Petruk: Wah, kayane kowe ora lulus kelas loro Dub! Kowe anak lutung! Ayo diapalke.

    Dubiya: Wah, ojo dolan karo aku! Aku Dubiya! Ratu Amrik, sultan Alaska, pakubuwana saka Texas!

    Petruk: Siji loro telu

    astane sedeku

    Mirengake bu guru

    Menawa didangu!

    Dubiya: Apa swara kuwi! Aja sembrono karo aku Truk! Aku panguasa sing paling gedhe ing alas iki, ing negara iki, lan ing donya iki!

    Petruk: Ora ngerti lagu bocah-bocah sekolah, ategeas durung disekolahke Dub!

    Dubiya: Gog, aku arep nggebang sak iki!

    Dick-gog: Sabar bos ndara, langkung sae panjenengan ngagem gaman ingkang langkung manjur, inggih punika, “pecut toya.”

    Dubiya: Pecut toya? Tegese milara sedayane? Boes!

    Dick-gog: Dudu milara! Pecut toya punika alat kagem “mbiyantu dados prasajan” kemawon.

    Dubiya: Horeg-horeg!! Ayo awake dhewe milara teroris punika!!

    Dick-gog: Inggih, kita enggal “mbiyantu dados prasajan”!

    Dubiya: Ngrasake banyu panasku!

    Petruk: Wah, yen kepengin nguyuh aja ning kene Dub!

    Semar: Atos-atos ndara, toyanipun ndrawasi! Kula ngagem entut kula kangge ngalahaken “pecut toya” punika!

    Dick-gog: Banger sanget!

    Dubiya: Astafirlah! Aku arep nggebang wae! Modar satriya teroris!

    Obama: Aja ngadhang lakuku buta!

    (perang)

    Dubiya: Sedaya wong mesthi kalah karo aku! Nyerah satriya sigit! Raimu sing ayu arep tak rusakake!

    Obama: Wis cukup Dubiya! Aku seneng damai, nanging aku ora tega karo dursila.

    (Perang: Dubiya nyawataken Kerisipun)

    Obama: Aku kepeksa nganggo gamanku!

    (Obama wiwit pidhato ngagem swantenipun ingkang sekti).

    Petruk: Wah swarane! Gaman sing kuat banget!

    (Peksi-peksi wana padha ndomblong, uler-uler wit padha nangis, malah Dick-gog ngguyu)

    Dubiya: Astafirlah!

    (Krisipun Dubiya dhawah kaliyan njerit “Obama!” Dubiya kaliyan Dick-gog ambruk, semaput)

    Petruk: Ndara, enggal mateni buta jahat punika!

    Obama: Ora susah Truk, tak kira ambune saka entute Semar isa mateni dhewe’e.

    Semar: Atos-atos ndara. Buta Dubiya sampun dipunkalahaken, nanging taksih wonten buta sanesipun ingkang malah langkung bebaya kaliyan tancip. Piyambakipun langkung galak tinimbang segawon umbaran. Asmanipun, Rara Paliniwati!

    Obama: Ora opo-opo Semar, sing penting awake dhewe golek banyu angen-angen kanggo nulungi warga Amrik sing perlu angen-angen anyar.

Petruk: Ya wis! Sing penting aku ngadohi angin-angin Semar lan golek banyu angen-angen supaya isa adus!

3 comments:

  1. apik, Mas.
    kuwi ana sing tulisane abang-abang ki uwis dikoreksi apa piye?
    ayo dipentasake sisan, hehe... yen ora diteruskake critane, aku gelem wis main dadi Rara Palinati...(sakjane luwih umum yen Rara Palinawati, Mas...hahaha...)

    ReplyDelete
  2. hehe cool! ning crito iki, tokoh favoritku dudu Obama, ning malah si Dubiya lan si Dick-gog menawa amargo jenenge sing penak dieling-eling!

    *krisipun = kerisipun
    aku ora yakin, nanging yen tembung 'kentut' menawa basa indonesia. Yen basa jawane, 'entut' dadi... 'kentute = entute'.

    ~Ayo sinau basa jawa~

    ReplyDelete