Friday, July 3, 2009

dolanan tembung anyar

Sawijining dina aku mlaku-mlaku ning alas sing ora adoh saka kotha Madison. Aku nywang nyang langit marga ana cahya sing ganjil. Mak bedundug aku dijiwil dene driji sing cilik nanging dawa. Kukune kuningan lan dawa. Aku mengo lan weruh wong sing ganjil. Awake cilik banget, luwih kaya lutung ketimbang manungsa. Nanging mripate amba lan werna coklate bening, kaya teh pait. Dhewe'e mung mung ngucap sak tembung wae, ya iku "golek." Sedhelok aku ndomblong.. swarane langsung mbentoyong atiku. Aku kepaku ning papane krungu tembung kuwi. Golek apa? Piye isa golek apa wae yen lagi ora isa mlaku babar blas? Apa wong iki wicaksana utawa goblog? Mak bedundung aku mbikak mripatku. Jebule srengenge uwis meh ilang lan mega-mega gede uwis ngampak-ngampak. Aku golek HPku, nanging jebule ilang. Jebule celana ku ilang uga... Aku mung nganggo celana cergak karo bajuku, lan bengine wis dadi rada adem. Kunci montorku wis ilang uga, dadi aku kudu mlaku wae. Sakwise metu alas aku weruh wong liyane sing bali omahne ning dalan. Weruh dhewe'e nyengsemake atiku. Pas bali omah, aku ketemu polisi sing takon kenapa aku meh wuda Aku ngapusi lan nyrita celanaku reged marga mlebu rawa.

Sapa wong cilik kuwi? Yek'e dhewe'e tekan karo daru saka swarga. Yen bener, aku kudu ngarani dhewe'e pepundenku. Yek'e tembung "golek" kuwi ana teges sing wigati, teges bab panguripan sing luwih apik amarga ora cawe-cawe wong liyane wae nanging golek kasunyatan dhewean.

Nanging yek'e dhewe'e mung dukun santet utawa garong biasa sing nguras bandhaku. Aku wedi alasan kepindho bener amarga aku ora ngerti kenopo wong wicaksana gelem nyolong celanaku!

1 comment:

  1. Aku nengok nyang langit marga ana cahaya sing ganjil. --> aku nyawang nyang langit ...cahaya --> cahya
    nengok sirahku --> mengo
    meh ora ana klambi --> meh wuda
    sing kuras --> sing nguras

    Mas Nata, aku senen kowe nganggo tembung-tembung anyar saka wulangan ing kelas.

    ReplyDelete