Thursday, July 2, 2009

wanita lan pria: sapa sing luwih alus?

Aku mentas maca artikel bab jenis kelamin lan basa Jawa sing ditulis Nancy Smith-Hefner. Miturut dhewe'e, ning akeh negara, basa para wanita luwih alus ketimbang basa pria. Dadi dhewe'e nglakokake penelitian bab basa wanita lan pria ning Jawa.

Yen dhewe'e takon wong Jawa bab basa wanita, dhewe'e kerep mbaleni yen basa wanita kerep kalusan (luwih alus ketimbang sing kudune) yen ana tamu. Miturut Bu Nancy, sawijining alasane ibu mulang anake nganggo krama. Kanggo mulang krama, para ibu kerep nganggo basa krama dadi contoh kanggo anake. Nanging yen wong Jawa nganggo krama, tegese wong sing disowani luwih dhuwer. Dadi, yen wanita kerep nganggo krama ning omah, kayane wanita nyengkuyung bojone lan ngisorake awake dhewe.

Melu ibu, anak nganggo krama karo bapak nanging luwih kerep nganggo ngoko karo ibu. Utamane kanggo bocah lanang, hubungan karo Bapak saya susah merga kudu alus karo Bapak. Taruna lanang kerep ora seneng cedhak karo bapake lan kerep metu omah. Suwe-suwe, taruna lanang kuwi ngerti bilih yen bisa krama karo wong sing penting, arep enthuk hasil apik merga diarani luwih alus lan penting. Dadi yen wis gede, para pria wis sinau rada bisu wiwit cilik. Dadi yen ana tamu, wong lanang kerep ora ngomong akeh nanging bojone ngomong terus. Basa wanita kuwi kerep kalusan merga pengin dadi contoh kanggo anake.

Senadyan basa kalusan kuwi ngisorake wanita, nganggone basa krama sing dhuwer uga mbuktike yen wong wedok kuwi wis ngerti tata krama. Dadi tingkat wedok isih ora ngisor banget. Miturut Smith-Hefer, kasunyatan kuwi nyerminake bilih basa krama ana rong guna: kapisan kanggo nyengkuyung lawan ngomong, nanging kapindho kanggo nyengkuyung wong sing lagi ngomong.

1 comment:

  1. lan ngisorake dhewe --> ngisorake awake dhewe

    Hebat, Mas.

    ReplyDelete