Thursday, July 2, 2009
Dina sing suwe (1 Juli)
Dina iki suwe banget kanggo aku. Aku kerinan tangi turu dadi aku ora isa ados sakdurunge kelas. Tujukna aku ora reged banget dadi muga-muga wong liyane ora ngerti. Yek'e amarga ora isa turu angler bengi wingi aku rada kesel. Sakwise kelas aku nyang perpus kanggo mangan awan (mie italia nganggo saus tomat) lan nggarap PR. Amarga wis kesel, aku butuh wektu suwe kanggo nggarap PRku. Sakwise nggarap PR kuwi, aku meh keturon ning reference room, dadi aku golek kursi sing luwih tentrem kanggo turu limalas menit. Aku ora isa turu suwe amarga jam papat ana meja basa. Aku ngomong karo Mas Steve, gurune kelas gamelan. Dhewe'e wis ngerti akeh bab gamelan lan wayang lan aku seneng ngomong karo dhewe'e, nanging dhewe'e ora kulina caturan nganggo basa Jawa. Sakwise kuwi, ana latihan nembag. Latihane apik naging aku wis kesel banget. Emane sakwise nembang ana latihan gamelan suwene rong jam! Aku mumet banget sakwise latihan kuwi, nanging isih kudu bali omah lan masak. Aku masak mie goreng wae, nanging cukup enak amarga ana urang lan cumi. Bar mangan aku ngrampungke PRku lan langusng turu!
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
mugi-mugi (kr) --> muga-muga (ng)
ReplyDeleteturu tentrem --> turu angler
mangan awon --> mangan awan (awon (kr) = elek)
aku kudu wektu suwe kanggo nggarap PRku --> aku butuh wektu suwe ...
meh keturun --> meh keturon
kursi sing luwih tentrem --> ...luwih empuk/penak
ngucap basa Jawa --> caturan nganggo basa Jawa
sakjroning rong jam!--> suwene rong jam
Mesake banget. Ya ngono kuwi jenenge mahasiswa, akeh kuwajibane.
Ya, aku seneng duwe akeh kegiyatan supaya ora bosen! Matur Nuwun kanngo koreksi.
ReplyDelete