Tuesday, July 21, 2009

genjer-genjer

Dina iki aku krungu lagu sing wis tak senengi neng kantore guru basa indonesia lan Jawa. Lagune Genjer-Genjer lan penyanyine Bing Slamet. Lagu iki kondhang sak iki amarga diarani "lagu PKI" nanging critane luwih rumit. Tembungan lagu iki diripta dene Muhammad Arief, wong Banyuwangi sing nyeksike deritane wong banyuwangi wektu kalenggahane Jepang. Wong cilik ora duwe pangenan dadi kudu mangan sing aneh, kaya jangan genjer. Mengko Muh. Arief dadi wong PKI. Lagune dadi kondhang banget taun sweidakan sakwise direkam penyanyi kondhang kaya Bing Slamet lan Lilis Suryani. Sakwise G30S, lagu iki dipleset penulis ning koran anti-komunis Harian KAMI. Genjer-genjer didadeake Jenderal-Jenderal kanggo nggambarake piye wong PKI milara para jenderal. Dadi lagune diarani lagu PKI lan amarga sasuwene Orde Baru babagan PKI diarani jahat lan asor, lagu iki diarani lagu sing bebaya. Nanging sak iki Indonesia luwih bukak lan wong-wong padha seneng karo lagu iki maneh. Lagune pancen apik lan nggambarake critane wong melarat ning indonesia karo edane politik neng Indonesia.

3 comments:

  1. Basa Jawane sampean tansaya apik ae, mas. Akeh tembung anyar.
    Bab lagu Genjer-genjer, yen ngerti critane sing asli pancen nrenyuhake ati. Genjer sing mulane panganane bebek banjur dadi panganange menungsa. Tapi sakjane kanhti dina iki, Genjer isih dadi sakwijining panganane wong Banyuwangi. Sampean wis pernah nyoba durung?

    ~ayo sinau basa Jawa~

    ReplyDelete
  2. Ya durung nyoba mbak nanging pengin! Neng amerika isa dituku ra? Ayo sinau cara masake...

    ReplyDelete
  3. Jarene pakde Google ora ana, mas. Ning sing aneh, jarene genjer iku asale saka Amrik!
    Ketoke kudu mulih ndisik nang banyuwangi njur isa masak genjer. piye? Cara masake gampang kok, ditumis. Eh, dicampurke ning gado-gado enak ugo.

    ~ayo sinau basa Jawa~

    ReplyDelete