Akhir pekan wingi aku wiwit nonton acara televisi judule Dexter. Aku kepengen nonton acara iki amarga tokoh utamane dilakokake dene aktor sing tak senengi, ya iku Michael Hall. Aku wis ngerti Michael saka Six Feet Under (Enem Sikil Ing Ngisor), sakwijining acara bab keluarga ning omah pati (funeral parlor). Acara iki uga ana crita sing ora lumrah marga tokoh utamane seneng meteni wong! Jenenge Dexter. Wiwit cilik, Dexter kecanduan getih lan kerep mateni kewan cilik. Bapake polisi, dados ngerti yen anake beda saka bocah liyane. Marga wedi anake arep dadi wong sing jahat, polisi kuwi mulang Dexter mateni wong jahat wae. Dados yen Dexter weruh ana wong liyane sing jahat banget (misale wong sing seneng nyerang bocah cilik), Dexter mateni wong kuwi.
Sakwise gede, Dexter nyambut gawe minangka ahli darah ning kantor polisi Miami. Aku seneng ningali kotha Miami mergo aku wis tau preinan ning kana lan sithik ngerti papane. Dexter ahli darah sing apik banget merga dhewe'e ngerti cara nggagas pembunuh merga dhewe'e pembunuh uga.
Dexter wis pinter ethuk-ethuk dadi wong biasa senadyan dhewe'e edan. Dadi, dhewe'e pinter sesrawungan karo wong supaya wong liyane ora ngerti yen Dexter edan. Misale, yen ning kantor, Dexter nggawa kuwe kanggo polisi liyane supaya dhewe'e kira Dexter wong sing sumanak. Dexter duwe yang uga supaya wong kira dhewe'e wong biasa, nanging dhewe'e ora pati seneng wanita.
Aku gak entas wiwit nonton acara iki nanging aku gelem terusake supaya isa luwih ngerti Dexter, tokoh sing menarik banget!
Tuesday, June 30, 2009
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
wah aku dadi kepengen nonton filem iki. Ketoke serem.
ReplyDelete