SEASSI (program basaku) pancen apik banget... dina iki diadake film saka Indonesia, Quickie Express, filme sutradara Dimas Djayadiningrat. Produsere Nia Dinata, sawijining satradara kesenenganku. Film liyane kayadene Arisan, Berbagi Suami, lan Janji Joni. Filme mbukak perkara gender, seks, lan agama nganggo cara sing pinter nanging ora abot banget.
Miturut aku, Quickie Express kuwi film sing paling lucu lan ringan saka Nia Dinata. Critane mangono.. lanang jenenge Jojo uwis umure pitu likur taun nanging dhewe'e durung duwe pagawean sing apik. Sadina nalika dhewe'e nyabut gawe ana bengkel tambal ban, "pemburu" tekan. Pemburu kuwi lagi golek lanang gantheng, lan jebule dhewe'e kira Jojo gantheng banget, njur Si 'Pemburu' pengin dadiake Jojo dadi gigolo kanggo wedon sing uwis tuwa. Kaping kapisan Jojo krungu ide 'Pemburu' dhewe'e ora gelem dadi gigilo nanging jebule dhewe'e nerima pagawean kuwi mergo dhewe'e isa pikantuk akeh duit. Ora suwe dhewe'e diarani jago gigolo lan pikantuk pelanggen sing tetep. Nanging perkara tampil sakwise dhewe'e tepung putra lan bojone si tante sugih kuwi.
Senadyan film iki lucu banget, tak kira ana apike uga mergo isu seks saka kaca mata wedok dibukak. Ing Indonesia (lan Amerika uga), kerep banget film mung tampilake seks saka kaca mata lanang.
Ayo ningali film iki sing buktike bilih ana film Indonesia anyar sing apik (lan nakal!)
Thursday, June 18, 2009
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
Aku dhewe durung bisa nonton Quickie Express, Mas, dadi ora bisa komentar bab isi tulisan njenengan.
ReplyDeleteNing aku mung arep takon bae, pancen karepe njenengan ki arep nulis nganggo basa ngoko bae? Amarga bener kaya sing ditulis kanca Mas Nat ana FB, nek arep nulis ngoko bae isih kecampuran karo Krama, mbok menawa amarga ana Ann Arbor awake dhewe akeh nganggo Madya ya.
Nanging apik Mas, wis lancar banget, mung butuh di-alus-ake.