Saturday, June 20, 2009

iwak goreng ala Wisconsin

Neng kampungku ing Toledo, yen aku krungu "fish fry" (iwak goreng), tak kira tegese mangan wengi ana panggonan ibadah kanggo uwong sig uwis tuwa. Dadi aku ndomblong nalika kancaku neng Madison khanda, ayo awake dhewe nyang "fish fry"! Jebule fish fry neng Wisconsin ora padha karo sing kukira. Saben dina jemuwah panggonan omben-omben (bar) lan warung liya (utamane sing lokal) nyediake "fish fry." Fish fry kuwi dudu mung iwang sing digoreng mergo ana cengkok liya sing penting, kayadene jangan kubis legi lan roti (sakdurunge pikantuk iwake), kentang goreng lan saus putih sing asem (dipangan karo iwake), lan bir sing diombe sakdurunge, lagi, lan sakwise mangan iwake. Sing melu fish fry ana Madison dudu mung sing uwis tuwa, nanging akeh uwong anom uga. Jebule, neng Wisonsin, fish fry kuwi keren. Awake dhewe mila ora isa mlebu fish fry kapisan sing dicoba (The Old Fashioned) mergo papane uwis ora ana kursi maneh, dadi awake dhewe kudu golek fish fry sing liya. Neng Wanda's ora ana akeh uwong dadi awake dhewe langsung diparingi meja.

Kenapa ana tradisi fish fry neng Wisconsin? Yek'e mergo ana akeh uwong Katolik (kakehan saka keluarga Jerman). Miturut tradisi Katolik, dina jemuwah ora isa mangan daging. Tradisi mangan iwak kuwi suwe-suwe dadi tradisi umum, dadi sak iki sedaya uwong Wisconsin isa mangan fish fry.

1 comment:

  1. Jebule, 'fish fry' wisconsin keren yo! Regane larang ora mas? (sopo ngerti sakwijingin dina aku nyasar rono...) pingin takon, Tradisi iki anyar kanggo aku senadyan aku dudu wong katholik lan soko negoro sing akeh muslime mila ora akrab karo istilah-istilah kaya ngono, pitakonku, kenopo ning dino jemuah wong katholik ora mangan daging, tegese kok sing dipilih dino jemuwah ora dina liyane?

    ---
    (ayo sinau basa jawa!)

    ReplyDelete