Dina iki aku nonton Laskar Pelangi neng acara film mingguan kanggo SEASSI. Aku wis tau nonton film iki ing Youtube lan prasaja wektu nonton keping pisan aku rada cengeng. Nanging tak angen-angen keping kapindho nontone aku mesthi ora cengeng maneh amarga uwis ngerti critane. Tundhune aku salah lan isih krasa sedih nonton pungasan film sing apik iki.
Laskar Pelangi nyrita bab sepuluh bocah sing sinau neng sekolah sing cilik an kere neng pulo Balitong cedhak Sumatra biyen taun pitung puluhan. Wektu kuwi Balitong ana ngisor kuasa PT Timah lan ana akeh uwong perusahaan sing sugih lan malah luwih akeh uwong sing kere sing nyambut gawe ana tambane dadi kuli. Racake anak kuli kuwi ora sekolah amarga gelem cepet dadi kuli lan golek dhuit. Nanging, kanggo wong tuwa sing peduli bab pendidikan anake, ana sawijining sekolah Islam Muhammidiyah sing gratis.
Neng sekolah kuwi mung ana sa-kelas wae, rong guru, lan sa-kepala sekolah. Nanging dhewe'e nyambut gawe tanpa lerene supaya anake isih isa sinau, lan isih isa ngayuh angen-angen2. Dhewe'e kerep disindir wong liyane, nanging Pak Harfan, kepala sekolahne tansah keséh'e semangat nyang kakehne.
Bocah jenenge Ikal (tokoh utama) ketresna karo sabocah tionghoa saka toko papan dhewe'e tuku kapur kanggo kelas. Dhewe'e nulis syairan kanggo wedoke lan jebule ketemu karo dhewe'e uga. Crita iki lucu, nanging mlebu ate uga amarga rasane pas peget karo wedok kuwi sedih banget.
Bocah bocah laskar pelangi thuthuk sukses uga, utamane wektu menang acara carnival sekolah karo tarian "Asmat" sing dikarang Mahar, bocah sing paling seneng musik lan seni. Tarian iku rada aneh kanggo aku amarga kayane nyindir wong asmat senadyan wong asmat kuwi wong Indonesia uga, nanging tak ngerti uwong biasa neng pulo cilik taun pitung puluhan mesthi ora kepikir bab "political corectness." Laskar Pelangi uga meneng Acara Cermat-Cerdas, dipimpin Lintang, bocah sing paling pinter, utamane jeru matematika lan ilmu alam.
Sakwise limang taun dadi kepala sekolah kanggo laskar pelangi, Pak Harfan jebule tilar donya. Adegan iku sedih banget amarga kakeh murid lan guru gumantung dhewe'e. Senadyan ngono, jebule, guru sing isih ana, Bu Muslimah, isih isa mulang. Sakdurunge dhewe'e bali sekolah, bocah laskar pelangi sinau dhewe, dipimpin Lintang wae!
Sing paling sedih lan paling mlebu hati kuwi pas sakwise adegan pungkasan. Pas dina menang Cerdas-Cermat, Bapake Lintang ilang neng laut. Lintang kudu pegat sekolah lan ngayemi kluagarne marga ana telung adhi lan Ibune wis seda sakdurunge. Ing Adegan pungkasan, meh rong puluh taun sakwise critane, Ikal bali saka Jakarta lan ketemu Lintang maneh. Lintang isih nyambut gawe kanggo kluargane, nanging anak wedoke cerdas uga lan nerusake semangat sinaune Lintang. Ikal jebule thuthuk angen-angene kanggo lunga nyang Paris, nanging isih ora lali asale neng Sekolah Muhammidiyah neng Belitong.
Aku seneng film iki nggamabarake pentinge pendidikan, peran positif agama, panguripan neng pulo sing adoh saka Jawa, lan hubungane wong Melayu lan wong tionghoa sing positif. Yen mripatku ngaca sithik, sapa sing isa nyalahke aku?
Thursday, June 25, 2009
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment