Dina setu kepungker, aku nyang Terrace karo kanca se-kos. Terrace kuwi papan ana mburi Memorial Union sing ana panganan lan akeh kursi. Saben sore ana akeh uwong sing mangan, sinau, ngombe bir, lan sinau. Kelas basa indonesia ketemu neng kana saben minggu uga. Saben dina jemuwah lan setu diadake konser sing gratis. Setu kepungker ana group band raggae. Aku lan kanca mangkat jam sanga lan mlaku setengah jam saka omah nganti Terrace. Ing terrace uwis ana uwong akeh lan tembange uwis wiwit. Ing antrian bir aku kebeneran bae ketemu mahasiswa sing manggon ing aula sing padha taun kapisan ing S1 ku neng Obelin College. Aku kaget banget nanging seneng. Sakwise ngomong karo dhewe'e aku lan kanca lenggah neng (tangga). Bande ora kethok amerga rame banget, nanging ora opo2 amerga isa krungu tembange. Suasanane apik amerga rame lan ana akeh uwong.. kaya ing club nanging di jaba ing ngisor langit. Awake dhewe ngobrol 3 jam bab Peace Corps, bahasa, politiks, mlaku-mlaku ing mancanegara, (dll.). Jam 12 awake dhewe bali omah.... Wengi sing apik banget.
Tujukno uwong liya sing manggon neng kosku apik-apik dadi awake dhewe'e isa dolan bebarengan.
Monday, June 22, 2009
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
Ketoke kutha Madison pancen menarik yo, mas! Paling ora panggonane sampean cedhak karo papan hiburan kaya cafe sing nyuguhke tembang lan gending. Aku yo seneng dholan ning cafe nggo maca lan sinau, nanging ning panggonanku kene ora akeh cafe. Cafe sing cedhak mung ning kampus tapi lek bengi tutup.Liyane adoh lan kudhu numpak montor. Kuthaku radha mboseni nanging ora ala-ala banget uga.
ReplyDeletePostingan sampean sing apik uga mas. Sampean mesthi nduwe crita akeh. Nanging tak kira, sampean radha kesesa anggone nulis 'crikak' (crita cekak)iki. Bilih ning bagian pungkasan ana kecampuran basa indonesia 'di'. Oh iya, 'bali omah' iku ngokone 'mulih', kramanipun 'wangsul'.
ps. sepurane yen basa ngokoku radha aneh, menika basa ngoko wetanan (jawa timuran.
'sampean = kowe, panjenengan'
---
Ayo sinau basa jawa!