Tuesday, June 16, 2009

kandha madison: ojo parkir ning kene!!!

Aku seneng banget wiwit program SEASSI neng Madison minggu iki. Kelasku cilik (mung telu wong!) nanging murid, guru, lan programe apik banget. Kutha iki apik uga, kaya Ann Arbor nanging ana luwih akeh restaurant Asia Teggara (termasuk restaurant Indonesia lan kaki lima!) a tamasya sing luwih apik mergo ana rong danau.

Sempurna ya? Jebule ora! Alasane? Aku nggawa montorku saka Toledo. Aku kira pinter nggawa motor mergo Madison ora adoh saka Toledo lan nyetir luwih murah ketimbang nganggo montor mabur. Perkarane ukara akhir kuwi.. mung luwih murah yen ora pikantuk tiket..

Kok iso pikantuk tiket?! Aku kira aku cukup pinter lan atos-atos nyetir. Nanging, aku krasa 'gaptek' soal nyetir montor neng kene. Alasane, parkir ana akeh aturan.. neng kene mung isa saka jam 11 nganti jam 3, ning kono mung iso dina sebtu lan minggu, ning kono mung isa yen lagi mendung lan udan gerimis... dll. Uga kudu izin parkir saka kutha...

Ceritane ruwet dadi aku gawe ringkasan cegak wae.. sak wise telung dina, aku wis bayar 97 dollar, montorku wis di"towed", lan sikilku wis lara mergo mlaku neng kantor parkir akeh kaping!

Nanging, mau aku pikantuk izin parkir.. langit wis luwih cerah, lan aku berdoa aku wis merana cukup supaya dewa-dewi Madison uwis pikantuk cukup sesembahan saka aku.

Tahun nagarep aku nganggo pit wae!

2 comments:

  1. Tulisane wis apik, enak diwaca lan lancar. Tak enteni crita cekak berikute.
    Siji maneh,'Kandha Madison' iki sakjana crita sing nrenyuhake nanging entek entekane dadi lucu. aku dadi ora sidha mesake kowe hehehe... Dieling-eling wae, aja lali kulanuwun yen mlebu omah lan kutha liyan supaya dewa-dewine ora nesu lan njaluk sajen...

    ReplyDelete
  2. Lho mas, durung apa-apa kok uwis kena tilang. (entuk tiket ki basa Indonesiane tilang, basa Jawa ya mung nganggo tembung sing padha...masa njenengan lali, mas? hehehe... ning Indonesia biyen durung tau kena tilang ya?)

    ReplyDelete