Tuesday, August 4, 2009

Dadi dhayohne Cak Emha

Saben sasi neng sawijining pesantren ing Bantul, cedhak Yogyakarta, Emha Ainun Nadjib lan grup bande, Kyai Kanjeng nganake pementasan gratis. Neng program perbandingan agamaku ana akeh wong sing seneng Cak Emha amarga dhewe'e duwe wawasan amba bab Islam lan ide politik sing menarik uga. Saliyane imam, dhewe'e uga musisi sing apik, sing isa nembang, gawe geguritan, lan sapanuggalane, klebu ngripta karangan drama.

Kangngo acara sasen neng Bantul, Cak Emha ngrembug isu politik sak iki, nembang karo Kyai Kanjeng, lan ngundhangake wong liyane. Kaping kapisan tak melu, aku weruh grup musik saka Madura. Kaping kapindho ana kurang luwih sepuluh korban lendhut panas Lapindo neng Sidoarjo lan sawetara wong Samin, ya iku wong Jawa sing nolak sedaya babagan modhern.

Emha wawancara korban Lapindo bab deritane. Dhewe'e ngrembug masalahne kanthi nesu amarga korbane ora ditindak adil dene pemerintah. Sakwise kuwi dhewe'e ajak dayoh saka mancanegara nyang dhuwur. Tegese, aku lan sakwijining doesn saka Amerika! Aku lan Bu Nelly, munggah panggange, njur diwawancarai. Emha takon bab Amerika lan piye gaweaan kita neng Indonesia. Dhewe'e takon aku bab tindakan sing lumrah neng Amerika nanging ora lumrah neng Indonesia. Dhewe'e kandha, "Neng AMerika ora apa-apa yen kita ndemek sirahne wong, nanging yen neng Jawa dianggep kasar yen mangkono." Aku nyauri "Sing bisane didemek siranhe kuwi waung Pak!" Pas ngucap aku wedi aku ora sopan, nanging jebule kabeh wong sing melu padha kenpingkel-pingkel. Sakwise wawancara aku lan Bu Nelly, wong Samin nyritake cara uripe nganggo basa Jawa. Kombinasi sing menarik ta, wong landa sing ngambeg karo wong Jawa sing nolak kabeh babagan mancanegara (lan saka negara Indonesia uga!).

dina kiamat Amerika

Dina iki aku maca artikel koran bab dina kiamat Amerika. Para ahli tembe mburi nulis bab apa sing isa dumadi seket taun ngarep. Aku ora ngerti sakdurune yen ana wong sing nyambut gawe minangka 'ahli tembe mburi' nanging jebule wong iki dibayar dene perusahaan gede kanggo nulung gawe rencana lan strategi. Biasne ahli iki mung gawe ramalan kanggo sepuluh taun, nanging sok-sok gawen ramalan sing luwe suwe uga. Karepe kanggo nulung para politikus mikir masalah sing arep teka, umpamame lelara anyar sing bebebaya banget kaya flu manuk utawa "pemanasan donya."

Miturut artikele ana patang cara sing isa dumadi. Sing kapisan, akeh musibah gedhe dumadi sakjroning sak utawa rong dasawarsa. Musibah iki luwih kaya banjir Katrina katimbang seranga sanga-sewelas. Yen Amerika diserang wong saka mancanegara utawa teroris, wangsulane biasane gawe Amerika luwih nasionalis lan luwih kuat. Nanging yen ana musibah kaya Katrina sing disebake korupsi utawa pemerintah sing ora becis, wong Amerika ora ngandel maneh karo pemerintah lan akhire yek'e ora gelem dadi wong amerika maneh. Yek'e negara sing luwih cilik dibentukake (misale negara Texas utawa negara California).

Kapindho, Pemerintah nasional dadi kegedhean lan ora efisien maneh. Dadi wong amerika sepakat gawe negara sing luwih cilik. Iki dibandingke karo Serikat Soviet. Bedane, Serikat Soviet kuwi klebet akeh negara cilik sing duwe budaya lan basa dhwewe. Ning Amerika kabeh warga nganggo basa Inggris (kejaba imigran anyar) lan wong kerep pindah saka tlatah nyang tlatah liyane. Dadi ora patia mlebu akal yen Amerika bubrah tanpa alasan cetha.

Katiga, pemerintah donya dadi luwih penting lan negara amerika ora penting maneh. Umpamame Serikat Bangsa-Bangsa dadi kuwawa mrentah warga saka kabeh negara. Aku ora patia ngandel teori iki amrga PBB ora patia kuwat lan wong Amerika umume ora seneng pengaruh saka mancanegara. Yak'e yen ana musibah donya lan serangan sing gedhe banget teori iki isa dumadi.

Kapapat, Amerika diserang dene pemimpin sing kuwat banget kaya Mao utawa Hitler nanging adoh luwih kuwat. Iki isa dibayangake.. negara Eropa meh bubrah amarga Hitler dhisik, nanging Amerika kuwat banget lan duwe lindungan alam amarga ana samudra gedhe neng batasane, dadi iki uga ora patio mlebu akal.

Yake kanggo sak iki Amerika isih slamet, nanging sing mesthi sakwijining dina amerika arep tiba. Yek'e kuwi musibah, nanging yek'e mung owahan alam.

Sunday, August 2, 2009

bengi budaya

Saben taun SEASSI nganakake bengi budaya. Saben basa kudu gawe tontonan. Kelas basa Jawa gawe wayang bab kleting kuning. Aku wedi sakwise ngrungoake pambuka saka Bob Bickner amarga dhewe'w kandha tontonane mung isa limang menit. Presentasi basa jawa meh 15 menit! Awake dhewe cepet nyekake critane supaya ora kesuwen. Bu Nona kandha wis ana kupu-kupu jroning wetenge lan aku uga ngrasa mangkono. Sakdurunge bengi budaya wiwit, Mbak Hillary kandha yen kita kilangan sak-transparensi kanggo proyektore. Aku melayu bali omah nanging ora ana, dadi aku rada kesel lan kucewa ing wiwite banegi budaya uga. Urutane kelompok ora tinentu sakdurunge, dadi kita ora ngerti jam pira arep wiwit. Jebule kita kelompok dakdurunge sing kapisan. Tegese kita kudu ngenteni suwe lan krasa gugup suwe sakdurunge isa main. Tujukna, wayange rada apik lan tak kira wong sing nonton seneng.

Lebaran neng Congkrang

Semester kapisan aku mulang neng Indonesia aku diajak preinan neng desane muridku. Desane neng Jawa tengah ing desa jenenge Congkrang sing ora adoh saka Temanngung. Kita mangkat jam 5 esuk saka Jogja Ngyogya lan nganti neng Congkrang mengko awon. Bise wis penuh banget, apa maneh kanggo aku amarga sikilku rada dawa. Neng bis muridku kandha desane durung ana listrik dadi yen wis bengi arep genih banget. Muridku wis adoh luwih tuwa saka aku amarga dhewe'e melu program S2. Dhewe'e wis dadi bhiku agama buda nanging isih seneng gojegan amarga jebule wis ana listrik neng desane. Dhewe'e ngapusi wae! Nanging aku durung ngerti yen arep ana masalah sing luwih abot, ora kanggo mripatku, kanggo wetengku.

Neng desa kuwi, kabeh wong mampir neng omah tanggane kanggo Idul Fitri kanggo nuwun pungapunten karo wong sing luwih tuwa lan sesrawungan karo kabeh kancane. Ora mung wong Islam melu tradhisi kuwi, dadi muridku melu uga. Neng saben omah mesthi dimenehi jajan. Iki sing dadi masalahne, amarga aku lan muridku mampir nyang meh rong puluh omah. Lan amarga aku wong landa, aku dimenehi malah luwih akeh panganan. Kancaku wis ngerti cara nolak panganane, nanging aku ora ngerti. Yen aku nyoba kandha, "aku ora isa mangan maneh" wonge ora nampa lan isih mrentah aku mangan. Aku dimanehi sarapan limang kaping, ngombe sirup luwih saka sepuluh kaping, lan mangan roti, kacang, kue sing ora isa dipetung. Akhire aku meh ora isa ngulu maneh lan meh mukok. Muridku mung ngguyu weruh aku. Malah bhikku isa nakal!

Friday, July 31, 2009

Wulan

Wingi aku nonton film anyar judhule "Wulan" (Moon).  Film kuwi ditontonake ning bioskop Sundance neng pusat blanja Midvale.  Papane satenane ing Wulan ing tembe mburi (taune ora tentu).  Tokohne mung sawong astronaut jenenge Sam sing nyambut gawe ning tambang Helium.  Sakliyane dhewe'e ana komputer jenenge Gerty sing nulung dhewe'e, umpamae kanggo masak, potong rambut,  nambani, malah kaperluan rasa.  Komputer kayane tanggap lan setiya karo Sam.  Masalahne, wis suwe Sam ora isa nelepon keluwargane utawa dhuwerane neng Amerika amarga sarana komunikasi wis bubrah.  Sakwise telug taun neng tambang kuwi Sam kangen banget karo bojo lan anake.  Tujukna, mung rong minggu maneh dhewe'e isa bali amarga kontrake meh rampung.   Ing wiwite film, ana masalah.  Sam wis wiwit weruh lelembut!  Apa Sam wis dadi kenther?  Sakwijining dina dhewe'e kudu nyang jaba stasiune nganggo montor amarga ana mesin tambang sing rusak.  Pas mlebu mesine, dhewe'e weruh wong wedok ning jaba.. mokal amarga ora ana oksygen! Dhewe'e njur nabrak karo mesine.  Sakwise kuwi dhewe'e tangi ning satsiun maneh.  Piye dhewe'e bali?  Kenapa dhewe'e ora kelingan tabrakane lan ora duwe bekas luka?  Lan kenapa dhewe'e krasa Gerty duwe rahasia?  

Film iki dudu film sing lumrah, nanging jebule menarik banget lan duwe akeh isu sing menarik bab teknologi, kapribadian manungsa, lan realitas.  Senadyan mung ana sithik tokoh, filme isih dramatis lan ana gojegan uga.  Mangga nonton!

Tuesday, July 21, 2009

genjer-genjer

Dina iki aku krungu lagu sing wis tak senengi neng kantore guru basa indonesia lan Jawa. Lagune Genjer-Genjer lan penyanyine Bing Slamet. Lagu iki kondhang sak iki amarga diarani "lagu PKI" nanging critane luwih rumit. Tembungan lagu iki diripta dene Muhammad Arief, wong Banyuwangi sing nyeksike deritane wong banyuwangi wektu kalenggahane Jepang. Wong cilik ora duwe pangenan dadi kudu mangan sing aneh, kaya jangan genjer. Mengko Muh. Arief dadi wong PKI. Lagune dadi kondhang banget taun sweidakan sakwise direkam penyanyi kondhang kaya Bing Slamet lan Lilis Suryani. Sakwise G30S, lagu iki dipleset penulis ning koran anti-komunis Harian KAMI. Genjer-genjer didadeake Jenderal-Jenderal kanggo nggambarake piye wong PKI milara para jenderal. Dadi lagune diarani lagu PKI lan amarga sasuwene Orde Baru babagan PKI diarani jahat lan asor, lagu iki diarani lagu sing bebaya. Nanging sak iki Indonesia luwih bukak lan wong-wong padha seneng karo lagu iki maneh. Lagune pancen apik lan nggambarake critane wong melarat ning indonesia karo edane politik neng Indonesia.

Saturday, July 11, 2009

Wayang mBeling ala Amrik


Perang Kembang Ing Wana Alaska

Sunata Utama

Kemis Wage 9 Juli 2009

Tokoh-tokohipun:

Obama: Satriya alus lan ratu adilipun negara Amrik. Lair minangka rayi blasteran saking tiyang alit. Ibunipun tiyang Kansas nanging ramanipun tiyang Afrika.

Semar: Punakawan sakti ingkang biasanipun dados penasihat keluargi Pandawa. Piyambakipun dados rewangipun Obama saksampunipun Obama manggen wonten Jawi nalika alit.

Petruk: Larenipun Semar. Piyambakipun setiya nanging lakonipun asring kasar.

Dubiya: Nami aslinipun Buta Cakil. Rumiyen ngapusi tiyang Amrik lajeng dados presiden Amrik ngagem undang-undangan “W”. Sak punika pados kuasa malih wonten Negara Alaska.

Dick-gog: Biasanipun dados penasihat Korawa ngagem asmanipun Togog, nanging kagem sak punika dados “Dick,” rewang kaliyan wapresipun Dubiya.

(Obama kaliyan rewang setyanipun Semar mlampah-mlampah wonten wana nggayuh toya angen-angen ingkang suci.)

Adegan

    Obama: awake dhewe durung isa ngaso Semar, amarga kudu cepet-cepet golek banyu angen-angen suci kuwi..

    Semar: Inggih ndara kula, toya punika menawi saget mbiyantu negara Amerika ingkang geger-gegeran amargi kirang angen-angen.

    Obama: Piye ketoke banyu suci kuwi, Semar. Kowe mesthi wis tau weruh banyu kuwi.

    Semar: Leres ndara kula. Rumiyen, sakderengipun njenengan lair, kula nate ngombe toya punika. Wekdal punika, toyanipun dados es amargi hawanipun punika asrep sanget. Sakderenge kula saget ngombe, kula kedah, nuwun sewu, ngentuti es ngantos dados banyu malih.

    Petruk: Tak kira kowe ngentuti soto ayamku wingi Semar! Wetengku lara sak iki. Kepengin ngentut!

    Semar: Ojo nggrundel Truk, anggep wae entutku kuwi bumbu istimewa!

    Obama: Semar, elinga Semar, miturut Dewi Michelle aku namung isa mangan panganan sing organic, sithik kalorine, lan resik!

    Semar: Nuwun sewu ndara, kula mung ngentutui sopipun Petruk mawon supados piyambakipun mboten kuru sanget. Raganipun njenengan sampun kiyat, dados mboten mbetahaken entut kula.

    Petruk: Sing kuru sapa? Ndara Obama luwih kuru ketimbang aku!

    Semar: Nanging yen kowe wis weruh foto Ndara Obama ning gisik Hawaii (http://www.huffingtonpost.com/2008/08/14/obama-bodysurfs-in-hawaii_n_119070.html) , kowe mesthi wis ngerti yen Obama iki isih nggantheng. Beda banget karo kowe sing kaya gangsir lara!

    Obama: Lhadahlah! Iki alas ngendi, Semar… kok sunya banget ta?

    Semar: Punika naminipun wana Alaska, ndara. Laladen punika geger amargi rajanipun nembe lengser keprabon. Kawit lengseripun tlatah punika dados geger-gegeran. Kewan-kewan sami ajrih amargi gustinipun mandhap saking ibukota, mbetha pistol kaliyan nesa-nesu.

    Petruk: Atos-atos, ndara, piyambakipun mboten remen tiyang Amrik! Tiyang wonten negara punika banger!

    Semar: Hus, cukup Truk, kowe mingkem wae ya! Nanging Petruk bener ndara, njenengan kedah waspada amargi wana niku ndrawasi sanget.

    Obama: Iya Semar, aku ngerti, nanging aja wedi ya, aku nduwe gaman pusaka sing ampuh.

    Petruk: Lha, kok mak bedunduk ana akeh manuk ngoceh! Yek’e penggemare ndara Obama wis ngerti yen Obama lagi tindak maring alas iki. Mesthine yo golek wahyu!

    Obama: Apike awake dhewe ngenteni wae, ya.

    Dubiya (Cakil): Kirakooa! Sapa wong iki sing wani mlebu alasku! Sapa! Sapa! Sapa!

    Dick-gog: Mesthi terroris! Teroris saking mancanegara utawi teroris saka negara punika, ingkang cetha… teroris ndara!

    Dubiya: Yek’e kowe bener Gog.

    Dick-gog: Kita kedah kiyat bilih kita ajeng ngastani gegebengan niku ndara. Sultananipun sampun lengser keprabon, dados kita saget dados raja malih!

    Dubiya: Tegese aku, ya, aku sing arep dadi raja maneh!

    Dick-gog: Pancen mekaten ndara ingkang inggil kula! (Emane aku kudu dadi ratu lumantar goblog iki!)

    Dubiya: Aja wedi Gog, yen aku wis dadi raja Alaska, kowe isa dadi patih BBMku. BBMe akeh banget.

    Dick-gog: Matur nuwun ndara kula, nanging kula namung purun padosi para teroris!

    Dubiya: Piye anggonmu ngerti yen wong iku teroris utawa ora?

    Dick-gog: Wah, pitakenan ingkang sae sanget, ndara! Teroris punika wonten kathah gagrag! Wonten ingkang andhap kaliyan ingkang inggil. Ingkang kera kaliyan lema. Ingkang enem kaliyan ingkang sepuh.

    Dubiya: Pokoke, wong sing ora nggantheng kaya aku.

    Dick-gog: Inggih ndara, nanging tiyang nggantheng saget dados teroris ugi. Tandanipun, tiyang saking mancanegara, utamanipun tiyang saking tlatah ingkang sugih BBM! BBM punika mboten aman menawi dipungadha tiyang sanes!

    Dubiya: Tegese, wong sing ora nerima demokrasi kaya aku!

    Dick-gog: Inggih ndara!

    Dubiya: Kirakooa! Swara sapa kuwi! Coba tak takoni! Satriyaaa! Sapa jenengmu? saka ngendi asalmu? Arep menyang ngendi?

    Petruk: Apa ana wedhus sing lara wetenge?

    Dubiya: Wedhus?! Astafirlah! Wedhus?! Aku Dubiya! Raja Amrik, sultan Alaska, pakubuwana saka Texas! Akeh sing wani karo aku lan akeh sing wis tak gebang! Sapa rajamu si kuru kuwi!

    Petruk: Kayane wedhus iki wis mabuk kakean mangan suket! Aku Petruk, rewange Raden Obama. sapa jenengmu wedhus?

    Dubiya: Aku uwis ngancurake akeh negara! Kanggo mateni kowe mung perlu sedhelok wae. Sapa satriya sigit kuwi? Dhewe’e bocah utawa gendhing?

    Petruk: Wah, uwis picek tenan iki, ora genah!

    Semar: Wong picek iki gendeng amarga wis kelangan kekuasa'ane.

    Obama: Tepangaken, nami kula Obama, pangeran saking negara Amrik.

    Dubiya: Iku alasku Obama! Lunga, aja nggaglak “arrúgala” ku! (Arrugala kuwi bayeme wong sugih.)

    Dick-gog: Wah, tembungipun alus sanget. Mokal yen piyambakipun tiyang Amrik! Mesthi tiyang saking mancanegara!

    Dubiya: Hanyak hanyak! Wong mancanegara? Tegese…

    Dick-gog: Teroris!

    Petruk: Wah, mokal! Ndoro Obama punika ratu adilipun Amrik. Piye, kok, teroris dadi ratu?

    Dubiya: Yen Petruk isa dadi ratu, teroris mesthi isa uga!

    Dick-gog: Tandhane cetha! Piyambakipun lantip, kera, saget kathah basa… kirane mboten wonten tiyang Amrik ingkang lantip, kera, kaliyan saget basa mancanegara!

    Dubiya: Satriya! Kowe saka negara ngendi? Arab? Afrika? Teroristan?

    Petruk: Afrika kuwi dudu negara! Ampun serik dara, wong niku namung goblog mawon.

    Semar: Ngatos-atos ndoro, tiyang goblog niku mbebayani!

    Dubiya: Babo babo! Sapa sing goblog? Kowe, paklik lutung!

    Petruk: Wah, kayane kowe ora lulus kelas loro Dub! Kowe anak lutung! Ayo diapalke.

    Dubiya: Wah, ojo dolan karo aku! Aku Dubiya! Ratu Amrik, sultan Alaska, pakubuwana saka Texas!

    Petruk: Siji loro telu

    astane sedeku

    Mirengake bu guru

    Menawa didangu!

    Dubiya: Apa swara kuwi! Aja sembrono karo aku Truk! Aku panguasa sing paling gedhe ing alas iki, ing negara iki, lan ing donya iki!

    Petruk: Ora ngerti lagu bocah-bocah sekolah, ategeas durung disekolahke Dub!

    Dubiya: Gog, aku arep nggebang sak iki!

    Dick-gog: Sabar bos ndara, langkung sae panjenengan ngagem gaman ingkang langkung manjur, inggih punika, “pecut toya.”

    Dubiya: Pecut toya? Tegese milara sedayane? Boes!

    Dick-gog: Dudu milara! Pecut toya punika alat kagem “mbiyantu dados prasajan” kemawon.

    Dubiya: Horeg-horeg!! Ayo awake dhewe milara teroris punika!!

    Dick-gog: Inggih, kita enggal “mbiyantu dados prasajan”!

    Dubiya: Ngrasake banyu panasku!

    Petruk: Wah, yen kepengin nguyuh aja ning kene Dub!

    Semar: Atos-atos ndara, toyanipun ndrawasi! Kula ngagem entut kula kangge ngalahaken “pecut toya” punika!

    Dick-gog: Banger sanget!

    Dubiya: Astafirlah! Aku arep nggebang wae! Modar satriya teroris!

    Obama: Aja ngadhang lakuku buta!

    (perang)

    Dubiya: Sedaya wong mesthi kalah karo aku! Nyerah satriya sigit! Raimu sing ayu arep tak rusakake!

    Obama: Wis cukup Dubiya! Aku seneng damai, nanging aku ora tega karo dursila.

    (Perang: Dubiya nyawataken Kerisipun)

    Obama: Aku kepeksa nganggo gamanku!

    (Obama wiwit pidhato ngagem swantenipun ingkang sekti).

    Petruk: Wah swarane! Gaman sing kuat banget!

    (Peksi-peksi wana padha ndomblong, uler-uler wit padha nangis, malah Dick-gog ngguyu)

    Dubiya: Astafirlah!

    (Krisipun Dubiya dhawah kaliyan njerit “Obama!” Dubiya kaliyan Dick-gog ambruk, semaput)

    Petruk: Ndara, enggal mateni buta jahat punika!

    Obama: Ora susah Truk, tak kira ambune saka entute Semar isa mateni dhewe’e.

    Semar: Atos-atos ndara. Buta Dubiya sampun dipunkalahaken, nanging taksih wonten buta sanesipun ingkang malah langkung bebaya kaliyan tancip. Piyambakipun langkung galak tinimbang segawon umbaran. Asmanipun, Rara Paliniwati!

    Obama: Ora opo-opo Semar, sing penting awake dhewe golek banyu angen-angen kanggo nulungi warga Amrik sing perlu angen-angen anyar.

Petruk: Ya wis! Sing penting aku ngadohi angin-angin Semar lan golek banyu angen-angen supaya isa adus!

Thursday, July 9, 2009

wawancara karo Mbah Surip

Wawancara iki dilakonake neng kantor polisi. Mbah Surip digawa nyang kantor iki amarga ora aman kanggo dhewe'e yen ing jeba amarga warga dhusun padha kumpul kanggo grebek dhewe'e.

Aku: Kados pundi kabaripun Mbah?
Surip: Ora apik mas, aku judheg banget sak iki.
Aku: Kenging Menapa? Margi njenengan damel dosa.
Surip: Dosa? Tegese apa mas. Aku mung nulungi bocah pegi kuwi marga dhewe'e lagi stress!
Aku: Inggih mbah, naging njenegan sampun dados dhukun santet inggih, sampun dol-tinuku jimat apus-apusan kanggo pados pasugihan inggih?
Surip: Kowe krungu kuwi ning kene? Aku mung nulung wong sing cilaka. Nulung wae nganggo berkah Gusti. Kaya bocah legi kuwi.
Aku: Kenging menapa kepanggih Mbak Siti wonten pondok Mbah? Langkung sae kepanggih wonten dalemipun mbah kemawon?
Surip: Mangonon mas, bocah legi kuwi ana perkara sing ruwet, dadi aku ora isa nulung ing papan umum. Pasienku kudu tentrem supaya aku isa nasehati supaya isa eling berkah gusti maneh.
Aku: Kados pundi caranipun mbah?
Surip: Wah, aku ora isa nerangake sedayane mas, nanging aku ndonga karo saben pasienku.
Aku: Nanging menawi Mas Trisna, piyambakipun paringi kathah artha mbah! Kagem menapa arthanipun? Criyosipun artha punika tumbal?
Surip: Tumbal? Aku ora ngerti tumbal. yen ana duit kuwi mung pangowah kanggo fasilitas utawa sumbangan wae. Ora penting. Akeh menehi racake duite nyang wong kere.
Aku: Dados anting emas ingkang dipunkagem Mbak Siti saking pundi?
Surip: Anting emas? Wah kuwi kado cilik wae kanggo pasienku.
Aku: Arthanipun saking pundi mbah?
Surip: Ya, aku ora sugih nanging uripku cukupan.
Aku: Saeipun Mbah elinga ajal inggih. Tiyang ingkang kasupen pati akhiripun mboten tentrem. Pareng mbah, kula pamit rumiyen.

Friday, July 3, 2009

Poligami neng Indonesia

Dina kemis aa ceramah sing menarik dene Suzanne Brenner, antropolog sing sinau Indonesia. Aku uwis maca artikele bab kenapa jilbab dadi kondhang ning Jawa wiwit kira-kira rong puluh taun kepungkur. Sak iki, penelitiane bab poligami ning Indonesian jeru media cetak lan film. Dhewe'e nggarap penelitian bab telung tulisan, ya iku Jurnal Perempuan, Tabloid Poligami, lan Ayat-Ayat Cinta. Jurnal Perempuan ana maca mripat modernisme lan feminsme. Para penulise ora seneng poligami saka segi HAM. Tabloid poligami digawe dene Puspawardoyo, pemilike Wong Solo sing uwis duwe patang bojo. Tabloid iku nggaruh nyang wong wedon lan nggambarake poligami apik kanggo agama lan mung ditolak wanita sing ora murah ate. Ayat-ayat cinta ora mung bab poligami nanging ana adegan poligami sing wigati. Novel kuwi ora kedanan poligami kaya Puspawardoyo nanging nggambarake poligami dadi pilihan sing arwat dan mung cocog kanggo kehanan sing ora tumrap.

dolanan tembung anyar

Sawijining dina aku mlaku-mlaku ning alas sing ora adoh saka kotha Madison. Aku nywang nyang langit marga ana cahya sing ganjil. Mak bedundug aku dijiwil dene driji sing cilik nanging dawa. Kukune kuningan lan dawa. Aku mengo lan weruh wong sing ganjil. Awake cilik banget, luwih kaya lutung ketimbang manungsa. Nanging mripate amba lan werna coklate bening, kaya teh pait. Dhewe'e mung mung ngucap sak tembung wae, ya iku "golek." Sedhelok aku ndomblong.. swarane langsung mbentoyong atiku. Aku kepaku ning papane krungu tembung kuwi. Golek apa? Piye isa golek apa wae yen lagi ora isa mlaku babar blas? Apa wong iki wicaksana utawa goblog? Mak bedundung aku mbikak mripatku. Jebule srengenge uwis meh ilang lan mega-mega gede uwis ngampak-ngampak. Aku golek HPku, nanging jebule ilang. Jebule celana ku ilang uga... Aku mung nganggo celana cergak karo bajuku, lan bengine wis dadi rada adem. Kunci montorku wis ilang uga, dadi aku kudu mlaku wae. Sakwise metu alas aku weruh wong liyane sing bali omahne ning dalan. Weruh dhewe'e nyengsemake atiku. Pas bali omah, aku ketemu polisi sing takon kenapa aku meh wuda Aku ngapusi lan nyrita celanaku reged marga mlebu rawa.

Sapa wong cilik kuwi? Yek'e dhewe'e tekan karo daru saka swarga. Yen bener, aku kudu ngarani dhewe'e pepundenku. Yek'e tembung "golek" kuwi ana teges sing wigati, teges bab panguripan sing luwih apik amarga ora cawe-cawe wong liyane wae nanging golek kasunyatan dhewean.

Nanging yek'e dhewe'e mung dukun santet utawa garong biasa sing nguras bandhaku. Aku wedi alasan kepindho bener amarga aku ora ngerti kenopo wong wicaksana gelem nyolong celanaku!

Thursday, July 2, 2009

Dina sing suwe (1 Juli)

Dina iki suwe banget kanggo aku. Aku kerinan tangi turu dadi aku ora isa ados sakdurunge kelas. Tujukna aku ora reged banget dadi muga-muga wong liyane ora ngerti. Yek'e amarga ora isa turu angler bengi wingi aku rada kesel. Sakwise kelas aku nyang perpus kanggo mangan awan (mie italia nganggo saus tomat) lan nggarap PR. Amarga wis kesel, aku butuh wektu suwe kanggo nggarap PRku. Sakwise nggarap PR kuwi, aku meh keturon ning reference room, dadi aku golek kursi sing luwih tentrem kanggo turu limalas menit. Aku ora isa turu suwe amarga jam papat ana meja basa. Aku ngomong karo Mas Steve, gurune kelas gamelan. Dhewe'e wis ngerti akeh bab gamelan lan wayang lan aku seneng ngomong karo dhewe'e, nanging dhewe'e ora kulina caturan nganggo basa Jawa. Sakwise kuwi, ana latihan nembag. Latihane apik naging aku wis kesel banget. Emane sakwise nembang ana latihan gamelan suwene rong jam! Aku mumet banget sakwise latihan kuwi, nanging isih kudu bali omah lan masak. Aku masak mie goreng wae, nanging cukup enak amarga ana urang lan cumi. Bar mangan aku ngrampungke PRku lan langusng turu!

wanita lan pria: sapa sing luwih alus?

Aku mentas maca artikel bab jenis kelamin lan basa Jawa sing ditulis Nancy Smith-Hefner. Miturut dhewe'e, ning akeh negara, basa para wanita luwih alus ketimbang basa pria. Dadi dhewe'e nglakokake penelitian bab basa wanita lan pria ning Jawa.

Yen dhewe'e takon wong Jawa bab basa wanita, dhewe'e kerep mbaleni yen basa wanita kerep kalusan (luwih alus ketimbang sing kudune) yen ana tamu. Miturut Bu Nancy, sawijining alasane ibu mulang anake nganggo krama. Kanggo mulang krama, para ibu kerep nganggo basa krama dadi contoh kanggo anake. Nanging yen wong Jawa nganggo krama, tegese wong sing disowani luwih dhuwer. Dadi, yen wanita kerep nganggo krama ning omah, kayane wanita nyengkuyung bojone lan ngisorake awake dhewe.

Melu ibu, anak nganggo krama karo bapak nanging luwih kerep nganggo ngoko karo ibu. Utamane kanggo bocah lanang, hubungan karo Bapak saya susah merga kudu alus karo Bapak. Taruna lanang kerep ora seneng cedhak karo bapake lan kerep metu omah. Suwe-suwe, taruna lanang kuwi ngerti bilih yen bisa krama karo wong sing penting, arep enthuk hasil apik merga diarani luwih alus lan penting. Dadi yen wis gede, para pria wis sinau rada bisu wiwit cilik. Dadi yen ana tamu, wong lanang kerep ora ngomong akeh nanging bojone ngomong terus. Basa wanita kuwi kerep kalusan merga pengin dadi contoh kanggo anake.

Senadyan basa kalusan kuwi ngisorake wanita, nganggone basa krama sing dhuwer uga mbuktike yen wong wedok kuwi wis ngerti tata krama. Dadi tingkat wedok isih ora ngisor banget. Miturut Smith-Hefer, kasunyatan kuwi nyerminake bilih basa krama ana rong guna: kapisan kanggo nyengkuyung lawan ngomong, nanging kapindho kanggo nyengkuyung wong sing lagi ngomong.

Tuesday, June 30, 2009

Dexter: dolanan ula mandi

Akhir pekan wingi aku wiwit nonton acara televisi judule Dexter. Aku kepengen nonton acara iki amarga tokoh utamane dilakokake dene aktor sing tak senengi, ya iku Michael Hall. Aku wis ngerti Michael saka Six Feet Under (Enem Sikil Ing Ngisor), sakwijining acara bab keluarga ning omah pati (funeral parlor). Acara iki uga ana crita sing ora lumrah marga tokoh utamane seneng meteni wong! Jenenge Dexter. Wiwit cilik, Dexter kecanduan getih lan kerep mateni kewan cilik. Bapake polisi, dados ngerti yen anake beda saka bocah liyane. Marga wedi anake arep dadi wong sing jahat, polisi kuwi mulang Dexter mateni wong jahat wae. Dados yen Dexter weruh ana wong liyane sing jahat banget (misale wong sing seneng nyerang bocah cilik), Dexter mateni wong kuwi.

Sakwise gede, Dexter nyambut gawe minangka ahli darah ning kantor polisi Miami. Aku seneng ningali kotha Miami mergo aku wis tau preinan ning kana lan sithik ngerti papane. Dexter ahli darah sing apik banget merga dhewe'e ngerti cara nggagas pembunuh merga dhewe'e pembunuh uga.

Dexter wis pinter ethuk-ethuk dadi wong biasa senadyan dhewe'e edan. Dadi, dhewe'e pinter sesrawungan karo wong supaya wong liyane ora ngerti yen Dexter edan. Misale, yen ning kantor, Dexter nggawa kuwe kanggo polisi liyane supaya dhewe'e kira Dexter wong sing sumanak. Dexter duwe yang uga supaya wong kira dhewe'e wong biasa, nanging dhewe'e ora pati seneng wanita.

Aku gak entas wiwit nonton acara iki nanging aku gelem terusake supaya isa luwih ngerti Dexter, tokoh sing menarik banget!

Friday, June 26, 2009

pidhato bush

Kowe uwis ngerti ra nek George W. Bush, mantan presiden amerika kuwi (sing kerep dicululk "W"wae neng Amerika), uwis isa basa Jawa? Biyen tak kira wonge ora patia pinter nanging jebule "W" uwis ngesehi pidhato jroning basa Jawa.

Ing sakjeroning pidhato sing cekak iki, Bush kandha akeh hal sing ora tau diucap nganggo basa Inggris. Umpamame, dhewe'e ngakoni "terroris" kuwi alasan wae kanggo nyerang Iraq lan Afganistan. Dhewe'e malah ngaku bilih "W" dhewe terrois sing bener. Apa iku demokrasi miturut "W Jawa"? "W" dhewe uga amarga sing milih negara apa sing kudu didemokrasi (maca: diserang) kuwi "W" dhewe. Tundhone, ''W'' ngakoni yen dhewe'e wedi nyerang Korea Lor amarga "senjatane negara kuwi "luwih gede ketimbang manuke 'W'' Edan tenan pidhato iki ta?

Aku seneng banget nont0n video sing kocak iki amarga tak kira para pemimpin donya kudu diremehake kala-kala supaya ora diarani kaya dewa. Muga-muga uwong sing nonton iki ora ngandel kakehane amarga tak kira Amerika ora "dikonkon"Israel nyerang Afganistan... Nanging yen bagian pungkasan kuwi, yek'e bener!

Iki klipe: http://www.youtube.com/watch?v=bERaoGq1jFA

Neng ngisor ana "transkripe" saka pidhato Bush sing tak gawe dhewe. Mengko, yen wis dibenerake dening Bu Nona lan kanca-kanca liyane, arep tak upload ing youtube.

Bush pidhato karo basa Jawa (draft):

Amerika serikat. Amerika serikat kuwi jenenge Negara amerika sing sakiki perang karo iraq afganistan karo teroris.. ngomonge ngono kuwi, sing dikonkoni Israel. Ngerti ya? Isreal kuwi sing ngongkon ya. Ya, Israel dhewe, aku boneka dikon mimpin amerika,,sing kudu melawan teroris, alasane wae, alasane teroris iki aku dhewe. Ngerti ora kowe? ??? Kan penak, dadi aku penak ngomong meneh dadine Amerika kuwi hak nyerang iraq lan afganistan nah afganistan kuwi iran kuwi Persia, ya Persia sing mbiyen dipimpin “Saleh pak Khamenei” ? Nah kuwi tak serang kuwi ? aku joget-joget. Joget apa ya? Joget dalut utawa tari perut tak ora ngerti sing penting Amerika menang. E-eh? Apa ora kuwi? Aku keling-keling oh asu tenan ya iki!

Amerika kudune nyerang Iraq, Afghanistan, ?? nah kuwi butuh dukungan?? Ya Urusun iki loh “They is terrorist trying to ?? demokrasi.” Ngerti ra? Demokrasi ku aku dhewe, aku dhewe sing ngentoke nengara neng endi kudu didemokrasi secara paksa… kayak kuwi kwui dadi apa meneh Amerika kuwi perang Irak, Afganistan karo Iran.

Nek korea utara Mengko soale aku sih wedi… sejatane rudal kaya manuk gede banget, sakjane ya, sing aku iki duwe sing aku cilik, kaya… rasane ya lara nek nguyu, ngerti ra aku? nek ngguyu lara, ngerti ra? gelut ayo arep nantang aku, tak cekel kowe!, wani wae kok aku… ayo ngomong apa kowe? Rene…

Thursday, June 25, 2009

jebule aku cengeng!

Dina iki aku nonton Laskar Pelangi neng acara film mingguan kanggo SEASSI. Aku wis tau nonton film iki ing Youtube lan prasaja wektu nonton keping pisan aku rada cengeng. Nanging tak angen-angen keping kapindho nontone aku mesthi ora cengeng maneh amarga uwis ngerti critane. Tundhune aku salah lan isih krasa sedih nonton pungasan film sing apik iki.

Laskar Pelangi nyrita bab sepuluh bocah sing sinau neng sekolah sing cilik an kere neng pulo Balitong cedhak Sumatra biyen taun pitung puluhan. Wektu kuwi Balitong ana ngisor kuasa PT Timah lan ana akeh uwong perusahaan sing sugih lan malah luwih akeh uwong sing kere sing nyambut gawe ana tambane dadi kuli. Racake anak kuli kuwi ora sekolah amarga gelem cepet dadi kuli lan golek dhuit. Nanging, kanggo wong tuwa sing peduli bab pendidikan anake, ana sawijining sekolah Islam Muhammidiyah sing gratis.

Neng sekolah kuwi mung ana sa-kelas wae, rong guru, lan sa-kepala sekolah. Nanging dhewe'e nyambut gawe tanpa lerene supaya anake isih isa sinau, lan isih isa ngayuh angen-angen2. Dhewe'e kerep disindir wong liyane, nanging Pak Harfan, kepala sekolahne tansah keséh'e semangat nyang kakehne.

Bocah jenenge Ikal (tokoh utama) ketresna karo sabocah tionghoa saka toko papan dhewe'e tuku kapur kanggo kelas. Dhewe'e nulis syairan kanggo wedoke lan jebule ketemu karo dhewe'e uga. Crita iki lucu, nanging mlebu ate uga amarga rasane pas peget karo wedok kuwi sedih banget.

Bocah bocah laskar pelangi thuthuk sukses uga, utamane wektu menang acara carnival sekolah karo tarian "Asmat" sing dikarang Mahar, bocah sing paling seneng musik lan seni. Tarian iku rada aneh kanggo aku amarga kayane nyindir wong asmat senadyan wong asmat kuwi wong Indonesia uga, nanging tak ngerti uwong biasa neng pulo cilik taun pitung puluhan mesthi ora kepikir bab "political corectness." Laskar Pelangi uga meneng Acara Cermat-Cerdas, dipimpin Lintang, bocah sing paling pinter, utamane jeru matematika lan ilmu alam.

Sakwise limang taun dadi kepala sekolah kanggo laskar pelangi, Pak Harfan jebule tilar donya. Adegan iku sedih banget amarga kakeh murid lan guru gumantung dhewe'e. Senadyan ngono, jebule, guru sing isih ana, Bu Muslimah, isih isa mulang. Sakdurunge dhewe'e bali sekolah, bocah laskar pelangi sinau dhewe, dipimpin Lintang wae!

Sing paling sedih lan paling mlebu hati kuwi pas sakwise adegan pungkasan. Pas dina menang Cerdas-Cermat, Bapake Lintang ilang neng laut. Lintang kudu pegat sekolah lan ngayemi kluagarne marga ana telung adhi lan Ibune wis seda sakdurunge. Ing Adegan pungkasan, meh rong puluh taun sakwise critane, Ikal bali saka Jakarta lan ketemu Lintang maneh. Lintang isih nyambut gawe kanggo kluargane, nanging anak wedoke cerdas uga lan nerusake semangat sinaune Lintang. Ikal jebule thuthuk angen-angene kanggo lunga nyang Paris, nanging isih ora lali asale neng Sekolah Muhammidiyah neng Belitong.

Aku seneng film iki nggamabarake pentinge pendidikan, peran positif agama, panguripan neng pulo sing adoh saka Jawa, lan hubungane wong Melayu lan wong tionghoa sing positif. Yen mripatku ngaca sithik, sapa sing isa nyalahke aku?

Wednesday, June 24, 2009

nembang!

Dina iki aku melu kelas gamelan telung jam! Jam kapisan aku latihan nembang. Aku seneng nembang kanggo gamela amarga aku isin nyanyi lagu liyane, nanging aku wani nembang lagu gamelan. Aku krasa wani amarga swara sing dianggo liya dadi aku krasa kaya uwog liya uga, kaya uwong sing isa nembang. Rong kanca saka SEASSI sing biasane ora melu uga melu.

Mbiyen nalika SMA aku dolan jeru 'band' sekolahku. Aku dolan "oboe" (http://en.wikipedia.org/wiki/Oboe). Aku sering dolan dhewe amarga ora ana akeh wong sing dolan oboe lan aku lumayan apik. Nanging, aku ora tau patia seneng oboe amarga aku tansah gugup arep salah. Sakwise wiwit S1 aku ora tau dolan meneh.

Dadi, taun wingi aku seneng banget wiwit melu pertunjukan musik maneh karo grup gamelan maneh. Aku pancen ora apik banget, nanging aku uwis dolan neng Oberlin, Michigan, malah neng Salatiga kanggo wisuda!

Yen durung nyoba gamelan, nyoba wae... kuwi luwih keren ketimbang ethuk2 dolan musik nganggo video game kaya "Guitar Hero"!

Tuesday, June 23, 2009

ketemu kanca lawas (23 Juni)

Dina iki aku ketemu kanca sing kutepung saka mangsa kemerau kepengker nalika aku sinau basa Indonesia ing Salatiga. Ing Salatiga ana program kaggo sinau basa Indnesai kanggo mahasiswa amerika ana Universitas Kristen Satya Wacana. Mung udakara 10 wong melu, dadi aku tepung sedayane. Sing aku ketemu dina iki asline saka Minnesota ing tlatah kampungan, dadi basane isih sithik liya saka basa Inggris ing tlatah liyane. Dhewe'e sumanak banget lan kerep mesem. Amerga Markel saka keluarga wong cilik, dhewe'e ora sumeleh babar blas sendayan kuliah ing Wisconsin, sawijining universitas sing kondhang. Dhewe'e isih rada anom nanging wis omah-omah lan nduwe anak siji.

Dini iki awale dhewe ketemu karo sekanca liya saka program kuwi sing lagi sinau basa Indonesia ana SEASSI ana ngarep perpustakaan ing cedhak kaki lima Indonesia. Yek'e nek hawane luwih adem dadi mangan neng kana wae, nanging dina iki panas banget lan 10 menit sakwise metu gedung kelas awakku uwis krasa kelet amarga keringate. Dadi kita nyang restaurang Mungthai-Laos sing ora adoh. Panganane enak nanging aku lali pesan sega dadi sithik pedes.

Sakwise mangan, kita nyang omahnya kancaku neng Eagle Heights. Neng kana aku ketemu anake lan bojone. Anake mung wolung taun. Sakwise ngobrol neng omah, awake dhewe tuku sandal neng toko sing murah.

Dina sing apik karo kanca sing lawas!

Monday, June 22, 2009

dina setu ing Terrace

Dina setu kepungker, aku nyang Terrace karo kanca se-kos. Terrace kuwi papan ana mburi Memorial Union sing ana panganan lan akeh kursi. Saben sore ana akeh uwong sing mangan, sinau, ngombe bir, lan sinau. Kelas basa indonesia ketemu neng kana saben minggu uga. Saben dina jemuwah lan setu diadake konser sing gratis. Setu kepungker ana group band raggae. Aku lan kanca mangkat jam sanga lan mlaku setengah jam saka omah nganti Terrace. Ing terrace uwis ana uwong akeh lan tembange uwis wiwit. Ing antrian bir aku kebeneran bae ketemu mahasiswa sing manggon ing aula sing padha taun kapisan ing S1 ku neng Obelin College. Aku kaget banget nanging seneng. Sakwise ngomong karo dhewe'e aku lan kanca lenggah neng (tangga). Bande ora kethok amerga rame banget, nanging ora opo2 amerga isa krungu tembange. Suasanane apik amerga rame lan ana akeh uwong.. kaya ing club nanging di jaba ing ngisor langit. Awake dhewe ngobrol 3 jam bab Peace Corps, bahasa, politiks, mlaku-mlaku ing mancanegara, (dll.). Jam 12 awake dhewe bali omah.... Wengi sing apik banget.


Tujukno uwong liya sing manggon neng kosku apik-apik dadi awake dhewe'e isa dolan bebarengan.

Saturday, June 20, 2009

iwak goreng ala Wisconsin

Neng kampungku ing Toledo, yen aku krungu "fish fry" (iwak goreng), tak kira tegese mangan wengi ana panggonan ibadah kanggo uwong sig uwis tuwa. Dadi aku ndomblong nalika kancaku neng Madison khanda, ayo awake dhewe nyang "fish fry"! Jebule fish fry neng Wisconsin ora padha karo sing kukira. Saben dina jemuwah panggonan omben-omben (bar) lan warung liya (utamane sing lokal) nyediake "fish fry." Fish fry kuwi dudu mung iwang sing digoreng mergo ana cengkok liya sing penting, kayadene jangan kubis legi lan roti (sakdurunge pikantuk iwake), kentang goreng lan saus putih sing asem (dipangan karo iwake), lan bir sing diombe sakdurunge, lagi, lan sakwise mangan iwake. Sing melu fish fry ana Madison dudu mung sing uwis tuwa, nanging akeh uwong anom uga. Jebule, neng Wisonsin, fish fry kuwi keren. Awake dhewe mila ora isa mlebu fish fry kapisan sing dicoba (The Old Fashioned) mergo papane uwis ora ana kursi maneh, dadi awake dhewe kudu golek fish fry sing liya. Neng Wanda's ora ana akeh uwong dadi awake dhewe langsung diparingi meja.

Kenapa ana tradisi fish fry neng Wisconsin? Yek'e mergo ana akeh uwong Katolik (kakehan saka keluarga Jerman). Miturut tradisi Katolik, dina jemuwah ora isa mangan daging. Tradisi mangan iwak kuwi suwe-suwe dadi tradisi umum, dadi sak iki sedaya uwong Wisconsin isa mangan fish fry.

Thursday, June 18, 2009

Ayo mampir ing QUICKIE EXPRESS!

SEASSI (program basaku) pancen apik banget... dina iki diadake film saka Indonesia, Quickie Express, filme sutradara Dimas Djayadiningrat. Produsere Nia Dinata, sawijining satradara kesenenganku. Film liyane kayadene Arisan, Berbagi Suami, lan Janji Joni. Filme mbukak perkara gender, seks, lan agama nganggo cara sing pinter nanging ora abot banget.

Miturut aku, Quickie Express kuwi film sing paling lucu lan ringan saka Nia Dinata. Critane mangono.. lanang jenenge Jojo uwis umure pitu likur taun nanging dhewe'e durung duwe pagawean sing apik. Sadina nalika dhewe'e nyabut gawe ana bengkel tambal ban, "pemburu" tekan. Pemburu kuwi lagi golek lanang gantheng, lan jebule dhewe'e kira Jojo gantheng banget, njur Si 'Pemburu' pengin dadiake Jojo dadi gigolo kanggo wedon sing uwis tuwa. Kaping kapisan Jojo krungu ide 'Pemburu' dhewe'e ora gelem dadi gigilo nanging jebule dhewe'e nerima pagawean kuwi mergo dhewe'e isa pikantuk akeh duit. Ora suwe dhewe'e diarani jago gigolo lan pikantuk pelanggen sing tetep. Nanging perkara tampil sakwise dhewe'e tepung putra lan bojone si tante sugih kuwi.

Senadyan film iki lucu banget, tak kira ana apike uga mergo isu seks saka kaca mata wedok dibukak. Ing Indonesia (lan Amerika uga), kerep banget film mung tampilake seks saka kaca mata lanang.

Ayo ningali film iki sing buktike bilih ana film Indonesia anyar sing apik (lan nakal!)

lanang sing mangan suket? (18 juni)

Dina iki aku maca artikel bab 'lanang sing magan rumput'. Sapa lanang iki? Wedus? Sapi? Dudu! Iki kaum lanang ing Jepang. Dhewe'e ora bener-bener dolan rumput, kuwi mung culukan kanggo lanang anom sing liya saka lanang biasa. Rumungsa stereotipe, lanang Jepang kudune senang nyambut gawe suwe saben dina, seneng dolan karo wedok ing kantor, lan nek wis rampung nyambut gawe seneng ngombe sake sing akeh lan dolan akeh panganan. Nanging, 'lanang sing mangan rumput' liya banget. Dhewe'e ora utamake pagaweaan utawa tingkat sosial kaya lanang biasa. Apadene, ora patio seneng wedok kejaba ora 'homo.' Dadi piyw uripe?

Lanang sing mangan rumput seneng ngirit duite. Dhewe'e ana hobi sing murah kaya mlaku-mlaku ana giri, dolan internet, masak karo kanca. Lanang iki ora isin duwe kanca wedok (sing kanca bae) uga. Kanggo kude tresna, lanang iki mung kudu golek 'pacar palsu' ana internet. Lanang tuwa pengin diarani perkara lan sugih, nanging lanang sing mangan rumput mung pengin duwe urip sing sederhana lan senengake.

Kenopo lanang iki gak entas tampil ing Jepang? Saka kira-kira taun sangalas-sangang puluh ekonomi Jepang ora kiyat. Akeh wong anom ora isa pikantuk pagaweaan sing apik. Mergo miturut tegese 'lanang apik' dhisik lanang sing ora ana pagaweaan sing apik dudu lanang tenan, njur langang anom kudu gawe tegese lanang sing ayar. Lanang sing mangan rumput nolak ideal wong tuwane, nanging uga nolak budaya kulon sing utamake 'budaya tuku' (konsumerisme).

Senadyan aku ora siap dadi lanang sing mangan rumput, aku seneng maca bab gerakan anyar iki.

Tuesday, June 16, 2009

kandha madison: ojo parkir ning kene!!!

Aku seneng banget wiwit program SEASSI neng Madison minggu iki. Kelasku cilik (mung telu wong!) nanging murid, guru, lan programe apik banget. Kutha iki apik uga, kaya Ann Arbor nanging ana luwih akeh restaurant Asia Teggara (termasuk restaurant Indonesia lan kaki lima!) a tamasya sing luwih apik mergo ana rong danau.

Sempurna ya? Jebule ora! Alasane? Aku nggawa montorku saka Toledo. Aku kira pinter nggawa motor mergo Madison ora adoh saka Toledo lan nyetir luwih murah ketimbang nganggo montor mabur. Perkarane ukara akhir kuwi.. mung luwih murah yen ora pikantuk tiket..

Kok iso pikantuk tiket?! Aku kira aku cukup pinter lan atos-atos nyetir. Nanging, aku krasa 'gaptek' soal nyetir montor neng kene. Alasane, parkir ana akeh aturan.. neng kene mung isa saka jam 11 nganti jam 3, ning kono mung iso dina sebtu lan minggu, ning kono mung isa yen lagi mendung lan udan gerimis... dll. Uga kudu izin parkir saka kutha...

Ceritane ruwet dadi aku gawe ringkasan cegak wae.. sak wise telung dina, aku wis bayar 97 dollar, montorku wis di"towed", lan sikilku wis lara mergo mlaku neng kantor parkir akeh kaping!

Nanging, mau aku pikantuk izin parkir.. langit wis luwih cerah, lan aku berdoa aku wis merana cukup supaya dewa-dewi Madison uwis pikantuk cukup sesembahan saka aku.

Tahun nagarep aku nganggo pit wae!